Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/57

Kaca iki wis divalidasi

"Nggih, nggih, Bu. Lha karepe jenenge bakul, ya, ngrayu sing tuku ta, sapa ngerti kepincut kan, ya, lumayan." Bojoku mesem.

Sawetara Bu Desti meneng kambi nyawang daganganku sing pating cemrenthel mubeng. Sakwise nampani susuk lan kemeja sing wis diwadhahi plastik, dheweke ngingsutke lungguhe saya cedhak. Ketone ana sing arep dingendikakake.

"Mbak, dagangane sampeyan ki jane apik-apik, lho. Olehe nawake sing amba maneh, Mbak. Sapa ngerti dadi rejeki."

"Maksude pripun, Bu?"

"Saiki rak, jamane wis modern ta, Mbak. Coba ditawake liwat online, liwat media sosial ngono lho. Dagangane ki dipoto njur diunggah, ben akeh wong sing ngerti."

"Lha, jane pengine nggih ngoten, Bu. Ning taksih bingung carane. Mbok kula diwarahi, Bu. Panjenengan rak, nggih luwih pengalaman bab ngoten niku." Bojoku katon sumringah.

"Sampeyan duwe FB, WA, IG, utawa media sosial liyane?"

"Kula boten gadhah blas, Bu. Ora mudheng babar pisan. Cobi kula diwarahi ta, Bu."

Bu Desti nampani HP sing dilungke bojoku. Sawetara dheweke mesem sawise mota-moto daganganku.

"Ngapurane ya, Mbak. Ora kok karepku ngenyek ki, ora. Nanging, yen arep masarake dagangan liwat media sosial ki, ya, paling ora gambare kudu cetha. Nyuwun sewu, ya, HP-ne sampeyan ki, memorine sithik, dadi ora cukup kanggo ngundhuh aplikasine."

"Wah, dadi intine kudu ganti HP niki, Bu?"

"Ya ora wajb kok, Mbak. Nanging yen kepengin asile maksimal ya kudu ganti. Ora kudu gress, seken ya, ora papa sing penting gambare cetha."

"Mangke takpados HP, Bu. Panjenengan warahi carane nggih, Bu?"

Sawise ngiyani penjaluke bojoku, Bu Desti pamit mulih.

***

46 | Antologi Cerkak