Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/58

Kaca iki wis divalidasi

"Coba tulung potoke, Mas. Selak arep tak unggah dagangan sing anyar-anyar iki."

Aku mung manut wae saben dikongkon dadi fotografer amatiran dening wanita sisihanku sing sanalika dadi modhel dadakan. Senajan saiki wis duwe anak cacah telu, randha anak siji kang takrabi pitung taun kepungkur kuwi isih katon ayu. Pas banget saben meragakake dagangan anyar kang sekirane cocog karo awake. Kejaba ayu, dheweke uga kalebu cerdas. Mula, rikala Bu Desti marahi cara-carane gawe akun media sosial sakpenganggone, dheweke cepet nangkep. Beda karo aku sing rumangsa ruwet nggunakke HP jenis android ngono kuwi. Mula, tekan saiki panganggoku ya isih HP model nutul utawa akeh sing padha ngarani HP jadul. Tanpa perlu modal kuota merga mung bisa sms lan ngebel saperlune.

Pancen bener sarane Bu Desti. Dodolan ing media sosial kuwi payune luwih lumayan tinimbang mung thenguk-thenguk njagakke pengunjung pasar. Wetara limang wulan iki, ibune bocah-bocah katon sibuk banget nglayani wong-wong sing padha transaksi liwat online. Malah, ora kanyana yen peminate dagangane bojoku uga nganti saka luwar Jawa. Saben dina dheweke sibuk banget ngepaki dagangan kang payu saperlu dikirim menyang jasa pengiriman barang.

Kanthi modhal HP seken rega nem atus ewu, saiki bojoku wis ora tau nggresula kekurangan dhuwit. Pancen bener yen jaman saiki diarani jaman milenial utawa era digital. Samubarang apa wae lumaku kanthi sarana internet. Arep butuh apa wae mung kari ngelus layar persagi kang aran android kuwi. Dol tinuku uga wis umum migunakake jasa online.

Sawijining dina, bojoku nampa paketan HP anyar sing jarene olehe tuku liwat online. Aku uga ora ngerti pira regane. Mung jarene, HP kuwi luwih canggih lan memorine luwih gedhe. Dadi bisa madhahi poto-poto lan video luwih akeh kanggo srana promosi. Gambare uga luwih cetha tinimbang HP

Nalika Rembulan Bunder | 47