Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/59

Kaca iki wis divalidasi

sing seken kuwi. Aku mung bisa meneng lan nyarujuki apa sing dikandhake. Wong pancene aku ora mudheng babar blas apa kang diandharake kuwi. Lan nyatane, olehe tetuku, ya, nganggo asil kringete dhewe, ora ngetokke dhuwit saka dhompetku.

Dina-dina sapungkure tuku HP anyar kuwi bojoku dadi samsaya tambah sibuk. Dodolane tambah akeh. Muladheweke dadi asring metu lelungan saperlu kulakan dagangan, lan ngeterke pesenane wong sing omahe ora adoh saka omah. Dadi ora perlu ongkos kirim kanggo maketke, mung cukup janjian ketemu ing sawijiining panggonan utawa istilah kuwi diarani COD. Malah, saiki luwih penak dodolan online tinimbang menyang pasar.

Aku uga ora protes nalika dheweke ora budhal menyang pasar. Merga yen takgatekke dheweke pancen sibuk banget. Saben wektu ora tau yen ora cekelan HP. Menawa pelanggane sansaya tambah maneh, nganti sibuke kaya ngono. Saking sibuke, saiki malah sasat ora duwe wektu kanggo masak. Menu saben dina wis ganti dadi menu warung. Wayah esuk, mesthi sarapane langganan sega pecele Mbok Jum, tangga sisih wetan let limang omah.

Yen wayah awan, dheweke mung pesen jangan salawuhe utawa menu apa wae liwat online. Ora let suwe, pesenan mau mesthi banjur diterke. Kadhang uga nyangking saka jaba sawise COD-nan karo langganane. Pancene yen bab panganan ora tau kekurangan, wong saben dina mesthi wae ana jinis iwak, daging, utawa lawuh liyane. Kepara malah saiki panganan enak-enak sarwa cumepak. Nanging yen oleh omong jujur, jan-jane ya, aku luwih seneng mangan masakane dhewe. Senajan mung sambel trasi jangan dhong tela lawuh gereh, rasane nyamleng banget nalika dipangan anget-anget. Apamaneh yen wayah sore, nalika padha kumpul jejagongan sinambi nonton TV. Senajan cemilane mung cengkaruk, jagung goreng, utawa tela godhog, nanging swasanane krasa regeng, sedhela-sedhela guyu bareng. Kabeh

48 | Antologi Cerkak