Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/60

Kaca iki wis divalidasi

swasana kaya mengkono saiki wis langka, kepara malah ilang tanpa nyisa. Saiki wis ora ana sing aran cengkaruk, jagung goreng, utawa tela godhog. Burger, kebab, hotdog lan maneka warna jajanan moderen wis gumanti ing meja cedhak tipi.

Suwe-suwe aku dadi krasa kesepen, dhelag-dheleg nonton tipi dhewekan. Kawit bojoku nukokake HP telu, bocah-bocah saiki padha kedanan game saka HP. Nganti wong saomah isine mung kaya patung kabeh, lungguh anteng tanpa noleh ngiwa nengen. Ya, mung aku dhewe sing akire sibuk ngurusi gaweyan omah, nyapu, ngepel, umbah-umbah, korah-korah, sawise bali saka sawah.

Ora maido, kayane bojoku saiki samsaya tambah sugih. Kabeh cicilan utang wis lunas, montor anyar gress uga kari ngegas, mas-masane katon mabyor, jangkep kawit ali-ali, gelang kalung modhel anyar. Awake luwih resik marga perawatan, ambune wangi, klambi apik kari nganggo saka bathen dagangan. Takakoni, bisnise pancen kondhang, saya moncar ing media sosial.

Sawijining dina, dheweke pamit arep kulakan ing kutha Sala. Kaya biyasane, budhal wayah pajar sepedha motoran. Aku mung bisa pesen supaya ngati-ati nalika dheweke nulak arep takkancani. Alesane, mesakke bocah-bocah yen wong tuwa kekarone ora ana sing ning omah. Pungkasane aku ngalah, ngurusi bocah-bocah, reresik omah sapungkure saka sawah.

Srengengene saya ambles, adan magrib wiwit keprungu cetha saka mesjid uga musala. Atiku rinasa sumelang, Sumi, bojoku, tekan saprene durung ana kabare. Biyasane sadurunge magrib mesthi wis bali. Nanging tekan saiki aku isih was-was ngenteni.

Nganti sewengi bisaku mung mloka-mlaku wira-wiri ing ruwang tamu kambi sedhela-sedhela nganguk menyang dalan, kanthi pengarepan yen ibune bocah-bocah bakal ketok wujude. Mripatku uga ora bosen-bosen nilak-niliki HP jadhul sing ana Nalika Rembulan Bunder

Nalika Rembulan Bunder

49