Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/61

Kaca iki wis divalidasi

tanganku. Nanging sms balesan sing takenteni ora enggal muni, Malah nalika aku nyoba nelpon, nomere jebul wis ora bisa dihubungi. Apa aja-aja kentekan batre? Aku mung bisa dedonga, muga Gusti tansah paring slamet ora kedadeyan apa-apa. Nganti jago kluruk saut-sautan, kahanane Sumi isih durung ana jluntrunge.

Marang tangga, lan kanca-kanca kang cedhak karo Sumi, aku njaluk tulung supaya ngubungi dheweke ing media sosial sing diduweni. Amarga jare kanca-kancane, Sumi isih aktif ing media sosial. Nanging yen ditakoni saiki ing endi, dheweke menehi wangsulan kang beda-beda. Marang kanca sijine ngomong yen lagi kulakan, kadhang uga ing pasar, ana uga sing oleh wangsulan yen lagi ing omah.

Nganti sepuluh dina suwene, kahanane Sumi uga isih durung dimangerteni papan dununge. Anehe, bocah-bocah babar pisan ora tau nakokake ana ing ngendi ibune, Menawane merga wis kulina ditinggal saben dinane, Dadi ana lan ora ana ibune uga ora rinasa beda. Ilange pakabaran bab Sumi, nuwuhke tekadku kanggo tuku HP anyar lan nyinaoni penganggone android kuwi. Aku mung kepengin ngerti dhewe kahananeSumi, ora mung jarene wong-wong ing jaba-jaba. Ana apa, lan geneya nganti dheweke ora eling bali tumeka saiki.

Senajan rada kangelan, nanging kanthi sabar lan tekad kang ngawu-awu, ndadekake gangsar olehku usaha nyinaoni penganggone HP anyar kang lagi seminggu kepungkur taktuku. Aku uga gawe akun media sosial maneka warna. Wiwit saka WA, FB, IG, lan liya-liyane, Kanthi jeneng sesinglon lan poto saka internet, aku kasil kekancan raket karo Veronica Natasya alias Sumi.

Sawijining wengi, Sumi gawe status ing FB. Ing kana, katulis cetha wela-wela yen dhewekelagi blanja mborong-mborong ing sawijining mal ing kutha Surabaya. Nalika pamit lunga, mung kulakan menyang Sala. Lha kok saiki ana ing Surabaya. Tangan

50 arep cekak