Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/62

Kaca iki wis divalidasi

tengenku sanalika ngepel rapet, wis kumudu-kudu kepengin ngantem apa wae sing takpengini. Dumadakan let sedhela, Sumi ngunggah poto karo pawongan gedhe dhuwur kanthi rangkulan mesra banget saindenging Xenia werna putih. Dhadhaku rinasa kaya kobong sanalika, bareng taktakoni kuwi sapa. Wangsulane, priya gagah prakosa kuwi wis setaun kepungkur dadi sisihane. Kanthi blaka suta dheweke crita yen kenal saya raket saka FB njur saiki dirabi siri. Dheweke uga crita, yen saksuwene iki, bojo sirine kuwi wis ngetokke ragat akeh kanggo nyukupi kabutuhane nalika ing desa.

Ceritane ora ditutuge nalika aku kandha sapa sabenere aku iki. Mung aweh wangsulan pungkasan, yen aku lan dheweke wis ora bisa neruske urip bebrayan. Kaya-kaya ana lintang kang sumebar sangareping mripatku. Sanalika uga sikil iki rinasa lemes tanpa balung, lakuku saya nggladrah tanpa genah. Montang-manting turut dalan kaya wong edan, ninggalke warung kopi kang dadi langganan. Ora nyana babar pisan yen Sumi bisa kedanan kamulyan.

Sing banget takgetuni, dheweke kena ora peduli marang aku. Nanging yen karo anak-anake, sakora-orane kudune ora nganti lali. Luhku mbrebes mili, sesawangan samsaya kosong tanpa tujuan. Aku lagi sadhar nalika ana pawongan kang nyeret awakku kanthi seru. Lan bejane, nyawa iki isih kanthil karo raga, ora kegawa trek tronton kang meh-meh wae nyaut awakku.

Senajan Sumi wis gawe pinggeting atiku, nanging lakuku ora kena slewah saka perintahe Gusti Allah, marga isih ana kang mbutuhake aku, anak-anakku.

Nalika Rembulan Bunder 51