Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/64

Kaca iki wis divalidasi
Es-Em-Es Gobal-Gabul Susanto Sagipah

Bayan Marno dheleg-dheleg mikima nasibe dina iki sing kurang mujur. Ora ana udan ora ana angin ujug-ujug dipisohi wong sing durung tau dikenal liwat es-em-es nong handphone sing modhele wis kawak lan burem warna chasinge.

Orasah kemlete kowe, he Marno, Dadi bayan kere modhal-em pira thik wani-wani mbeda bojone wong liya! mengkono unine ukara es-emes iku.

Bayan Marno njumbul lan mbatin, “Mbeda bojone wong liya? Kapan aku tau kirim es-em-es marang wong wedok sakliyane Narti bojoku?”

“Ana masalah apa, Kang? Kawit maeng kok mung njetang-njetung ae sajak ana sing mbokpikir?” pitakone Mas Dedy, Sekdes PNS sing lagi ae bar dilantik seminggu kepungkur. Mas Dedy iku siji-sijine perangkat desa sing statuse PNS alias Pegawai Negeri Sipil. Mantan anggota Satpol PP sing gagah dedeg piadege tur bagus rupane iku gumun ndelok Bayan Marno sing wiwit esuk mau sajak kaya wong bingung lan linglung. Mboh apa sing lagek dipikir wong lanang iku.

“Mboh Mas. Rumangsaku aku iki ora biasa nyembranani waong sing durung tak kenal, Iha kok ngerti-ngerti diunen-uneni. Aku didakwa nek wis kurang ajar ngajak kencan bojone liwat es-emres, Sing takgumuni kok ngerti nomer hapeku barang iku saka sapa?” saurane Bayan Marno ngemu pitakon.

Kalika Rembulan Bunder 58