Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/65

Kaca iki wis divalidasi

“Mbokmenawa iku es-em-es salah kirim Kang. Apa salah pencet? Nek aku tak mbama ae dhak wis-a,ra sah dianggep. Saiki jamane wong padha seneng iseng nganggo telepon genggam alias handphone. Nek ora waspada ya cilaka,” panglipure Mas Dedy.

“Gak mungkin nek salah sasaran, Mas. Soale wong iki ngerti jenengku lengkap karo pegaweyanku minangka bayan desa kene,” wangsulane Bayan Marno.

“Wah, iki jelas ana wong sing nduweni karep ala karo Sampeyan, Kang,” omonge Dedy narik kesimpulan.

"Takkira bener kandha-em, Mas,” saurane Bayan Mamo.

Esuk iku Kantor Desa Margirejo akeh tamu sing padha ngurus undangan kanggo njikuk e-KTP neng Kantor Kecamatan Dadiraja.

Ana salah sijine tamu nganggo seragam PDH sing nggoleki Bayan Marno, Raine ketok mangar-mangar sajak nesu lan emosi. Mlebu Kantor Desa tanpa uluk salam langsung muni santak.

“Endi sing jenenge Bayan Marno? Aku kepingin ketemu!” kandhane wong Seragam PDH iku karo mripate pendirangan.

“Nggih kula piyambak. Badhe kersa menapa, Pak?” kandhane Bayan Marno karo marani tamu iku.

Age-age Mas Dedy menggak karo ngadeg saka kursi.

“Aku ae sing maju, Kang.”

“Sajake wonten bab ingkang wigatos. Mangga pinarak, Pak, Kula aturi rembagan ingkang sekeca,” kandhane Sekdes Dedy karo nyalami tamu iku.

“To the point ae, Mas. Jenengku Edy. Lehku mrene iki mau mung kepingin ketemu karo Bayan Marno,” kandhane tamu sing ngaku jenenge Edy iku isih kanthi polatan kurang semanak.

“O nggih. Lha menika tiyangipun,” wangsulane Sekdes Dedy karo nudingi Bayan Marno.

“0 iki sing jenenge Bayan Marno? Takkira nek gagah tur bagus. Jebulane kok mung ngene ae gambare?” kandhane Edy karo ngliling Bayan Marno,sajak ngece.

54 Antologi Cekak