Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/66

Kaca iki wis divalidasi

Sekdes Dedy ora sabar ngrungokna omongan tamune iki.

“Nuwun sewu, ketoke Panjenengan iki ya pe-en-es nanging kok ora duwesopan santun, Ngomong sing kepenak dirungokna kuping waras apa ora isa?”

Edy mencereng. Praupane mangar-mangar.

“Aku iki ijeh duwe sopan santun, Mas. Sing ora duwe unggah-ungguh iku ya malah kanca-em siji iki. Bayan Marmo iki. Ngene, aku takon pisan engkas. Karep-em lahapa nges-em-es bojoku mbokjak ketemuan. Ayo jawab!” panggetake Edy karo malang kadhak. Tangane nyengkerem pundhake Bayan Marno.

“E, ngkosik Mas. Ana masalah ya dirembug sing apik. Saiki Panjenengan takaturi sing sabar, Ayo rembugan sing cetha,” kandhane Sekdes Dedy.

“Dadi Panjenengan sing wis kirim es-em-es kanggo Bayan Marno iki? Panjenengan curiga nek Bayan Marno sing ngganggu lan ngajak selingkuh marang sisihan Panjenengan? Lha terus dhasare apa kok Panjenengan wis wani mesthekna nek Bayan Marmo iki ngganggu sisihane Panjenengan?”

Edy age-age ngetokna hape modhel anyar, Mencet-mencet tombol sedhela terus muni karo ngulungna kotak ajaib iku,

“Iki hape-ne bojoku. Jenenge Eny Suprapti. Wacanen es-emres iki, Pengirime cetha, Bayan Marno.”

Sekdes Dedy njingglengi es-emes sing unine. Jeng Eny sayang. Kowe pancen ayu tenan. Aku tresna karo kowe. Kowe uga cinta karo aku, Suk kapan kita berdua bisa ketemuan maneh kaya dhek wingenane? Saka aku: Bayan Manrgirejo, Marno.

“Wah ancen mesra tenan unine es-em-es iki. Lha iki jenengem ditulis ning kene, Kang Mamo.” kandhane Sekdes Dedy ragu-ragu karo ngulungake hape.

Bayan Marno nampani hape iku terus njingglengi es-em-es sing dadi underane prekara iku. Bayan Marno gedheg-gedheg.

Nalika Rembulan Bunder 55