Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/67

Kaca iki wis divalidasi

“Lha ya es-em-es ngene iki karepe lahapa? Tujuane apa nyebut-nyebut jenengku barang? Panjenengan percaya nek esem-es iki sing nulis aku?” takoke Bayan Marno marang Edy.

“Ya jelas percaya-a. Pengirime ya cetha. Alamate cetha. Apane sing kurang?” wangsulane Edy.

“Sing kurang ya malah Panjenengan dhewe,” panyelane Sekdes Dedy.

“Maksude piye?”

“Panjenengan iku salah sijine pribadi sing sarwa kurang, kurang pengalaman, kurang pergaulan, kurang cerdas. Mosok, jaman apus-apusan kaya ngene kok ijeh percaya karo es-emes aspal. Asli nanging palsu. Jenenge asli Marno. Jabatane asli bayan. Desane asli Margirejo. Kecamatane ya ora palsu Dadirejo. Ka­bupatene ya jelas. Nanging, Panjenengan kudune mikir. Endi ana maling ngaku jeneng lan alamate kanthi cetha kaya ngono iku?”

Krungu penjelasane Sekdes Dedy, Edy dadi blangkemen. Ora wani komentar apa-apa. Terus pamitan. Kemput bali muleh.

Komunitas Sastra Asem Jawa, Winong, Pati
Sabtu Pon, 02-05-2020:17.53


Cathetan: Crita cekak iki nganggo dialek basa Jawa khas Pati

56 Antologi Cerkak