Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/69

Kaca iki wis divalidasi
Kadit Itreng Parpal Poerwanto

Mas Bonang mung bisa unjal ambegan landhung. Jroning ati mbatin, “Kok bisa ya, Pamarentah aweh dhana yen ditanjakake kurang. Kok rasane mokal.”

Jan-jane ya ora pas yen nyalahake kepala sekolah apa dene bendahara BOS. Wong kepriyea wae wong loro iku sing ngeguhpertikelke nalikane dhuwit BOS telat mudhune. Wong loro iku sing mikir amrih lumakune pamulangan tetep jejeg. Kabeh nyipati lamun saben sekolahan, sing aran guru PNS iku ora luwih saka seket persen gunggunge. Dene kekurangane kudu nggunakake tenaga wiyata bakti sing dibayar saka dhuwit BOS. Yen BOS-e telat otomatis kudu golek tambal supaya honore guru wiyata bakti sing ora mingsra iku bisa dibayarake.

Mung sing dadi gawok, geneya saben tutup taun kok ning­ galake utang. Kudune, yen dhana mau ditanjakake apa anane, mesthine sekolahan ora kudu tombok. Wong sanajan munine ban­tuan operasional sekolah nanging gunggunge tikel tekuk yen kabandhing karo dhana komite utawa BP3. Iki salahe ana ngendi, Mas Bonang ora ngerti. Wong sing ngerti thek kliwere dana BOS iku mung bendhahara lan kepala sekolah. Guru-guru liyane ora ngerti utawa api-api ora ngerti, awit nggadhuh rasa ewuh pekewuh. Nanging senengane rasan-rasan nalikane ana

mburi. Mbuh iki apa sing diarani ciri wancine wong Jawa kae.

58 Antologi Cerkak