Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/70

Kaca iki wis divalidasi

Satemene, kedadeyan mangkono iku mung dumadi kerikeri iki. Biyen, nalikane kepala sekolah diasta Pak Kendhang, durung nate sekolahan duwe utang kaya saiki. Malah kepara entuk kesejahteraan minangka wali kelas. Istilahe uang lelah ang­gone nggarap rapot.

Bareng Pak Kendhang pensiun, lan diganti kepala sekolah anyar kahanane malih grembyang. Sasuwene patang taun urung krungu istilah uang lelah maneh. Malah, taun wingi pas tutup taun, kepara sekolah malah ninggal utang. Jan-jane gunggunge ya ora patiya gedhe. Mung watara patang yutonan. Nanging, dudu bab kuwi masalahe. Apa ya bener yen Pamarentah aweh dhana nanging ora bisa cukup yen dicakake. Kamangka saiki pihak sekolah wis ora oleh narik dhana saka wali murid. Banjur sing nambali sapa? Ana pitakonan maneh, kira-kira dhana mau pancen cumpen apa salah anggone nindakake?

“Miturut njenengan pripun, Mas, nanggepi bendhahara ingkang nglapuraken dhana BOS kok ngantos sekolahan gadhah utang niku?” rerasane Mas Bonang karo Mas Saron, guru olahraga sing asring kapatah nggladhi lomba nembang macapat.

“Aku ki ora mudheng bab dhana BOS. Ning rasane kok ora nalar yen dhana iku kurang,” semaure Mas Saron karo ngem­ pakake rokoke. Pancene guru siji iki udude nglepis. Sanajan sate­ mene wis ana larangan ora oleh udud ing lingkungan sekolah, nanging dheweke ora nggagas. Wong rokok-rokokku dhewe, ngono guyone yen ana kanca sing ngguyoni supaya ora ngrokok ana kantor.

“Jan-jane kula nggih naming kepengin ngertos bothekan BOS. Ning seprana-seprene dereng ngertos bukunipun. Maksud kula..., menawi salah anggene nganggar rak saged dipunowahi. Contonipun, manawi rapat garingan mawon mboten sisah mawi pacitan. Ngaten rak saged kangge ngirangi pengeluaran,” ujare Mas Bonang maneh karo ngentekake wedange sing kari

seprapat gelas.

Nalika Rembulan Bunder | 59