Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi

Kepala sekolah sing anyar iki sajake bener-bener bisa aweh pengarepan sing luwih apik. Nalikane teka sepisanan, dheweke njaluk saran utawa masukan saka sawetara guru, yaiku Mas Bonang, Mas Saron, lan Mas Demung sing wektu kuwi durung mulih. Kebeneran sing nyekel administrasi dhana BOS wis mulih gasik karo sawetara guru liyane.

“Nuwun sewu, Bapak-Bapak sedaya. Kula nyuwun masu­kan kangge majenge sekolah mriki,” ujare Nyai Juru Kempul, kepala sekolah anyar njaluk urun rembug utawa udhu panemu kanggo majune sekolah. Mas Bonang krasa seneng atine. Lagi sepisan iki dheweke lan para guru liyane dijaluki sumbangsih pamikiran.

“Nuwun sewu, Bu, manawi kepareng kula badhe urun rembug. Manawi dipunagem sumangga lan manawi boten nggih boten napa-napa,” Mas Saron sumela atur.

“Mangga, Mas Saron....”

“Inggih, saderenge matur nuwun sanget anggenipun paring wekdal dhumateng kula. Sepisan, inggih ala-ala ngeten niki, kawit jaman kula mucal wonten mriki, kula tansah kepatah ngurusi ekstra karawitan. Sampun dangu ekstra karawitan me­nika mandheg. Kahanan punika eman-eman sanget. Wong kala semanten anggene yasa gamelan punika ugi mboten gampil. Dipun rewangi ngemis-ngemis dhateng komite, wong wekdal semanten dereng wonten dhana BOS. Kaping kalihipun, mana­ wi saget papan nami utawi identitas sekolah punika dipun pugar. Awit, kajawi modhelipun sampun ketinggalan, seratan nama lembaga kedahipun sampun gantos, wong samenika UPT sampun mboten wonten. Naming kalih menika ingkang kula usula­ken, Bu. Matur nuwun.”

“Inggih masukan ingkang sae, mangga sanese.”

“Kula, Bu...,” Mas Bonang njaluk wektu.

“Mangga, Mas Bonang.”

Nalika Rembulan Bunder | 61