Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/73

Kaca iki wis divalidasi

“Inggih matur nuwun saderengipun. Ingkang badhe kula aturaken punika pancenipun radi wadi. Ning najan wadi nggih tetep kula aturaken. Wong menika bot-boting tanggel jawab kita sedaya dhumateng majengipun sekolahan ingkang dados papan sandhang-pangan kita punika. Lajeng kemawon, wadi ingkang kula maksud menika bab pengelolaan dhana BOS. Yektosipun manawi kula kepatahan ngurusi nggih mboten purun. Awit kula pancenipun mboten saget bab administrasi napa malih se­sam­betanipun kaliyan yatra. Naming ngaten, Bu Pala. Kula kok radi gawok awit saben tutup taun, kok dhana BOS menika kirang. Sekolahan ngantos gadhah utang. Lha punika leresipun kados pundi. Mugi-mugi mangke manawi Ibu ingkang ngasta pimpinan ing mriki bab menika saget dipun kendhalekaken.”

“Maksudipun dipunkendhalekaken, menika dospundi Mas Bonang?” Nyai Juru Kempul miterang.

“Ngaten, Bu. Nanging, punika naming mbok menawi lho... Manawi saget, saben wulan sedaya pengeluaran dhana BOS punika dipunlapuraken dhumateng kepala sekolah kaliyan ren­ cang-rencang guru. Kajawi saking punika ugi cathetan penge­ luaran tuwin pemasukan kedah sedaya guru saget mirsani. Open management.”

“Wah kula sarujuk sanget bab niku. Awit saget kangge kontrol. Punika rak salah satunggaling tugas kula minangka manager ing sekolah punika.”

“Inggih, matur nuwun sanget, Bu. Mugi-mugi sadaya mlampah kanthi sae, trep kaliyan pangangkah kita sadaya.”

“Inggih matur nuwun Mas Bonang. Mangga, samenika Mas Demung manawi wonten usulan?”

“Boten, Bu. Kula kinten sami kaliyan ingkang dipunaturaken Mas Saron kaliyan Mas Bonang kalawau.”

“Inggih matur nuwun sanget. Usulan kalawau kula cathet.

Gandheng menika wekdale pun ndungkap asar, mangga sami

62 | Antologi Cerkak