Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/75

Kaca iki wis divalidasi

Wancine liburan semester siji teka. Iki bebarengan karo tutup taun anggaran. Ateges wancine pengelola dhana BOS aweh pelapuran. Muga-muga ora ana utang kaya taun-taun ke­pungkur.

“Bapak-Ibu, manawi rapot sampun kabagekaken sadaya, mangga kita rapat sekedhap,” ature Nyai Juru Kempul marang para guru, banjur ngulungake buku tanda hadir rapat sing kudu ditandhatangi dening para guru kabeh.

Ora let suwe, rapat kawiwitan. Nyai Juru Kempul sing mimpin, mbukak rapat kanthi maca basmalah bebarengan. Sa­ ban­jure terus ngaturake panuwun marang para guru dene asile anggone mulang ing semester siji maremake. Ora ana bocah sing bijine ana sangisore KKM utawa kriteria ketuntasan minimal. Kepala sekolah ngajab, supaya ing semester loro utawa unggahunggahan mengko bijine para bocah tambah luwih apik.

Rapat banjur ngrebug bab liburan lan uga jadwal piket tum­ rap para guru. Dene acara bacute, yaiku bab lapuran tutup taun. Bendhahara BOS banjur diwenehi wektu kanggo nglapurake kahanane keuangan sekolah sasuwene setaun.

Mas Bonang lan guru-guru liyane wis pasang kuping selak kepengen ngerti plapuran bab dhana BOS. Bendhahara sing wis diparingi wektu banjur ngucap salam kang dibales dening para guru kabeh.

“Ibu Kepala Sekolah lan Bapak-Ibu Guru sadaya, ingkang sepisan kula nyuwun pangapunten awit buku bothekan dhana BOS kantun wonten nggriya. Nanging, kula taksih apal kaliyan cathetan mlebet-medale sedaya dhana BOS,” ujare Mas Guru Centhe kanthi suwara semu groyok. Banjur pocape meneh, “Yektosipun kula punika sampun usaha supados dhana BOS saget cekap kangge operasional sokur malah kepara turah. Nanging nyatanipun dhana estu-estu mboten nyekapi awit pengeluaran ing taun punika kathah sanget. Lan perlu kawuningan, ngantos

tutup taun punika, pihak sekolah taksih gadhah utang sedasa

64 | Antologi Cerkak