Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/76

Kaca iki wis divalidasi

yuta. Sadaya sampun kula talangi, mangke manawi dhana BOS anggaran taun ngajeng mandhap saget kangge lintu arta kula....”

Dheg! Dhadhane Mas Bonang kaya kantem watu. Ampeg. Najan ati duwe krenteg, nanging lambe panggah mingkeb. Dheweke mung bisa mbatin karo unjal ambegan landhung, “Kadit itreng aku...!”

Pojok Cerkak, 23062020

Cathetan: kadit itreng punika basa gaya Malang, ingkang tegesi­pun ora ngerti utawi mboten ngertos.


Parpal Poerwanto, lair ing Wonogiri (Jawa Tengah), 25 Desember 1969. Lulus SPG (1988) banjur bara menyang Jakarta lan kursus pelatihan jurnalistik ing Yayasan Akbar, Jakarta. Lulus D2 STAIN Surakarta (2003), S1 PGSD UT (2012), lan S2 Pendidikan Bahasa Indonesia, Univet (2016). Saiki dadi guru ing SDN Wonomulyo, Wonogiri.

Kajaba dadi wartawan lepas, uga anekuni bidhang sastra. Tulisane arupa cerita pendek, cerita rakyat, puisi, lan artikel liyane katulis jroning basa Indonesia lan Jawa. Ing antarane nate kapacak ing koran Angkatan Bersenjata, Berita Buana, Berita Yudha, Sinar Pagi, Suara Merdeka, Solopos, Bhirawa, Bengawan Pos, Tren sarta saweneh udyana, yaiku Jaya Baya, Panjebar Semangat, Lontar, Gaung, Pustaka Candra, Talenta, Damar Jati, lan Djaka Lodang. Dene bukune sing wis kababar, yaiku: Antologi Puisi Belajarlah Dari (2013), Cerita Rakyat dari Wonogiri Jawa Tengah (2009), Kembange Ngaurip lan Gegayuhan (2013), Jamasan Pusaka Mangkunegara di Wonogiri (2013), Kursi Roda Sang Pengarang (2013), Cerita Rakyat Banjarnegara (2013), Cerita Rakyat Sepanjang Bengawan Solo (2013), Antologi Cerkak Aku, Dasamuka, lan Sengkuni (2013), Pantun Negeri Katulistiwa (2013), Wonogiri dalam Puisi (2017), Cempurung Ki Ageng Donoloyo (2017), Indahnya Persahabatan

(2019), Gunung Sewu Unesco Global Geo Park (2018), Waduk Gajahmungkur Wonogiri Jawa Tengah (2018), Rindu di Laman Hatimu (2019), lan Mengenal Warna (2020).

Nalika Rembulan Bunder | 65