Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/77

Kaca iki wis divalidasi

Karyane uga kababar ing antologi bersama, yaiku: Antologi Cerkak Dalan Mujur Ngetan (2016), Antologi Senthong (2008), Kumpulan Geguritan & Cerkak Roncen Jiwa, Kabar Saka Tanah Cengkar (2005), Bersyiar dengan Syair (2017), TLS-1 Sang Dwija (2018), SKS Dalam Petikan Aksara Jiwa (2018), Selaut Sastra Adonara (2018), Negeri Rindukan Damai (2019), Pelangi Puisi di Langit Swiss van Java (2019), Dunia Tanpa Koma (2019), Cermin Cahaya (2018), Surat dari Samudra (2018), Kumpulan Geguritan Tipak-Tipak Tatu (2019), Geguritan Anggoro Kasih 2 (2019), Suara Tiga Penyair (2020), lan Kumpulan Cerkak Tatu-Tatu Lawas (2020). Kajaba iku, uga nulis sawetara buku pelajaran SD lan PLS Paket B. Jenenge uga kacathet ing penulis Oral Traditions of Southeast Asia and Oceania lan Apa dan Siapa Penyair Indonesia.

Uga antuk sawetara kejuwaraan, ing antarane yaiku, juara harapan 2 Lomba Foto Jurnalistik HUT Majalah Gatra (1996), Lagu Terbaik pada Lomba Cipta Lagu Campursari Jawa Tengah (2002), juara 2 penulisan cerkak kang diselenggarakake Majalah Jaya Baya (2004), juara harapan 5 Sayembara Penulisan Naskah Buku Bacaan Pusbuk Depdiknas 2006 lan makaping-kaping antuk bansos, juara 3 Lomba Penulisan Ilmiah Tingkat Kabupaten Wonogiri (2008), juara 2 Lomba Penulisan Karya Ilmiah Populer Tingkat Kabupaten Wonogiri HUT PGRI (2012), juara harapan 2 Lomba OSN Guru Tingkat Kabupaten Wonogiri (2016), lan makaping-kaping menangake lomba nulis cerkak lan geguritan kang dianakake Yayasan Karmel Malang. Antuk Penghargaan GLN saka Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Kemendikbud (2018), juara 3 nulis buku kang dianakake Direktorat Pembinaan Sekolah Dasar, Kemdikbud (2018), lan juara 2 gawe komik pembelajaran Direktorat Pembinaan Sekolah Dasar, Kemdikbud (2019).

Anggota Tim Sejarawan Kabupaten Wonogiri lan Anggota Dewan Pendidikan Kabupaten Wonogiri (2013-2017) iki nate dadi Pemimpin Redaksi Majalah Lontar (2004) lan Gaung (2010), Redaktur Pelaksana Tabloid Wonogiri Pos, lan uga Redaktur Ahli Buletin Kayon (2015-2016). Aktif ing komunitas literasi lan budaya, yaitu Ketua Taman Sendang Lanang (TLS), Ketua Komunitas Sastra Giri Kawedhar (KSGK), Ketua SKS (Sastra Kidung Semilir), lan Omgur (Omah Gurit). Saiki uga ngelola saluran youtube Parpal Poerwanto lan blog www.tamantembangsastra.com.

66 | Antologi Cerkak