Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/79

Kaca iki wis divalidasi

“Age-age mlebu lan ganti rasukanmu sedurunge adhem nyawiji awakmu!”

Dheweke padha age-age mlebu, adus, lan ganti rasukan. Niken lan Sekar dolanan ning kamar, dene Lastri alon-alon nyedhaki ibu sing lagi lenggah ning kursi goyang tuwa. Urung nganti Lastri mbukak cerita, ibu dumadakan ngawali.

“Lastri, apa sing wis kedadeyan? Nang endi Beni?”

“Ibu, kula nyuwun pangapunten, kula minggat saking umah. Kula boten kiyat mikul sedayanipun, Bu. Mas Beni mboten nate ngopeni kula lan lare-lare. Piyambakipun mboten nate nandang gawe. Saben dinten kondur enjing kanthi kahanan mabok.”

“Kuwi mau sing ndadekake ndhisik ibu lan bapakmu su­ wargi abot mangestoni kowe sakloron. Dheweke udu wong lanang sing apik.”

Lastri banjur nangis kamisesegen, nggetuni anggone bebojoan sing saben-saben nemoni pacoban. Kawitane pacaran pancen Beni asring mabok. Nanging, Lastri nduweni prasangka apik. Allah Sing Maha molak malik atine manungsa. Mesthi arep ana sunar satengahing peteng. Beni mesthi arep owah lan wangsul ana dalan sing lurus.

“Kepriye saben dinane kowe ning kana? Maem apa putu­ ku?” pitakone ibu.

“Sakdawane niki kula sadeyan gorengan keliling, Bu. Njebluge kala wingi ngepasi Sekar mangkat sekolah. Sekar nyuwun arta jajan marang Mas Beni. Mas Beni sing lagi sare bangeting nesu. Kaya ketempel setan dheweke ngucap tembungtembung kasar marang Sekar, Bu. Mboten kiyat kaliyan kahanan niku, sore niki kula mantep ninggalake Mas Beni lan wangsul mriki kangge ngopeni Ibu. Ibu, kula nyuwun pangapunten, yen ndhisik kula mirengaken ngendikane bapak lan ibu mesthi ora bakal kedadeyan kaya ngene iki.”

“Lastri, kowe aja nggetuni apa sing wis kelakon. Dadekna kiye wulangan sing aji kanggo uripmu. Rungokna pituture

68 | Antologi Cerkak