Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/80

Kaca iki wis divalidasi

wong tuwa sadurunge kowe jumangkah. Muga-muga kiye dadi dalan kareben Beni gelem urip neng kene kanggo ngopeni aku.”

Lastri tumiba ana ing sikepane ibune. Dheweke nggegem kenceng astane, dheweke ngarasi pipine, lan dheweke ngrasakna kesele ibune lumantar kulit-kulit keriput sing wis ngliwati pirang-pirang owahing jaman.

“Ngaso kana, susul Niken lan Sekar sing lagi turu neng kamar,” ibune nutup crita.

Lastri alon ninggalake ibu ing kursi goyange. Age-age di­ temoni loro widadari cilik sing pranyata wis turu. Niken nyikep golek panda dene Sekar neng jejere Niken kanthi sikile mbegagah. Ah, banget lucune bocah loro iki. Moga-moga bocah sakloron bakal rukun saklawase. Lastri ngarasi bathuke anak sakloron. Lastri ngupaya merem anteng nanging angel. Wengi sangsaya wengi. Yen pancen Beni nggatekake anak bojo, mesthine dhe­ weke nggoleki Lastri. Lastri nurokake awake. Miring nengen angel merem, miring ngiwa angel merem, ngadhep langit-langit se­mono uga. Saklebat wewayangane Beni ana ing pikirane.

“Kenangapa aku mikirna Mas Beni? Apa iki tegese aku isih tresna? Ah, embuh aku ora ngerti rasa apa sing ana ing pikiranku.”

Lastri menyat, ngadeg, lungguh, lan ngadeg maning. Ana rasa sing ora biyasa. Dheweke metu kamar lan ibu isih lungguh ana kursi goyange. Lastri nyedhaki.

“Urung ngantuk?” takone ibu cekak.

“Dereng. Bu, kula kedah kepripun? Kula gadhah pepenginan ngopeni ibu, nanging kula ugi kepengin bale wismane kula slamet.”

Ibu meneng, dheweke ora mangsuli apa-apa, embuh apa sing lagi ana ing pikirane. Clorot paningale katon adoh. Kayakaya lagi mikirna samubarang sing abot.

“Bu!”

Ibu tangi saka lamunane. Ora let suwe dheweke ngelos ambegan dawa.

Nalika Rembulan Bunder | 69