Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi

“Lastri, sesuk temoni bojomu. Gugah atine. Jaken dheweke mrene, ibu kepengin ngomong karo dheweke,”

“Saestu, Bu?”

“Ibu amung krasa welas, wis cukup suwe anggonmu mbangun bale wisma, age-age dandani kulawargamu. Mesakake Niken lan Sekar. Kowe lan Beni manggona kene. Njaga lan ngopeni Ibu sing tenanan. Seora-orane yen ana kowe padha ibu ora krasa kasepen.”

***

Wektu terus lumaku, wengi wis gilir gumanti lan esuk wis tumeka. Sinambi ngeterake Sekar mangkat sekolah. Lastri nggendhong Niken tumuju umahe Beni. Tekan kana umahe menga. Beni turu angler ngarep TV, kartu remi sumebar nang jejere, ambu alkohol bangeting nyegrak lan puluhan tegesan rokok gumlethak sakpenake. Ngepasi Beni mabok kanggone dheweke kuwi kahanan sing wis biasa. Kayane Beni sakancan mabok neng umah. Dijorake Niken dolanan golek dhewekan, dene Lastri resik-resik umah sakwise sedina ditinggal. Ing sela-selaning tandang gawe Lastri nyawang Beni kanthi premati. Biyen rikala pacaran piyambake apik banget marang dheweke. Rajin ngibadah lan bagus resik praupane, wanodya endi sing ora gelem dipek bojo dheweke. Rasane Lastri dadi wanodya paling begja merga bisa olih atine Beni. Ningen, kabeh mau owah wiwit Beni kelangan wong tuwa sakloron lan di-PHK saka pabrik panggonan dheweke nyambut gawe. Beni dadi asring bali esuk lan cedhak karo alkohol.

“Bu, susu!”

Niken nggugah lamunane Lastri, ngringik njaluk susu lan wektu kuwi uga Beni tangi.

“Mas Beni, sampun wungu?” ucape Lastri kanthi rasa asih.

“Kenangapa kowe bali? Aku ngira kowe wis urip makmur nang kana karo ibumu.”

“Mas, mirengke aku dhisik.”

70 | Antologi Cerkak