Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/83

Kaca iki wis divalidasi

bisa njemput kowe ing sekolahan kayadene kanca-kancamu. Allah mesthi bakal midhangetke donga bocah apik kaya kowe.”

Sekar ageh-ageh wudu.

***

Neng liya papan, baline Lastri saka umahe Beni pranyata gawe Beni mikir pindho. Nganti kapan ndheweke arep mabokmabokan. Nganti kapan dheweke arep bali sawayah-wayah. Nganti kapan dheweke arep ngejorke anak bojo. Banget welase bojo sing wis dirujit-rujit rasa pengrasane, kudu ngopeni ibu, lan woh katresnane sakloron. Banget welase bojo sing kudu dadi ibu lan bapak kanggo Niken lan Sekar. Dumadakan Beni njenggirat ngadeg saka papan peturon. Dibukak jendela, angin seger mlebu ventilasi umahe. Kaya-kaya ana daya sing rumasuk ing awake. Pandelengane adoh. Beni kudu owah, Beni kudu owah. Dheweke nggegem kenceng tangane lan jumangkah kanthi antebing ati.

“Ibu wis sepuh, Mas.”

Dheweke kelingan pocapane Lastri. Bola-bali swarane Lastri keprungu ing talingane. Beni uwis manteb kanggo ndandani bale wismane. Dheweke bangeting getun wis ngejorke wong-wong sing sejatine kudu ditresnani. Age-age Beni wudu lan lungguh temata ana ing sakdhuwure sajadah. Dheweke nguntabna kabeh rasa pengrasane maring Pangeran sing nyiptakna bumi langit sakisine. Dheweke kudu age-age nemoni Lastri lan ibu. Age-age njaluk ngapura lan saguh kanggo urip bareng-bareng kareben bisa nemu begja sing selawase kiye dakgoleti.

Kaya biyasane ibu lungguh ing kursi goyange nyawang sakjabaning jendhela, paningale adoh. Embuh apa sing ana ing pikirane. Alon Lastri nyedhaki ibu sing mripate lagi kembengkembeng.

“Ibu mboten menapa-menapa?”

Ibu kaget ngerti Lastri wis ana nang cedhake.

“Ibu lagi kelingan bapakmu mesthi wae saiki wis begja neng suwarga. Ndhisik bapakmu banget nresnani ibu, banget

72 | Antologi Cerkak