Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/84

Kaca iki wis divalidasi

begjane ibu bisa urip bareng bapakmu. Nanging, Allah luwih tresna bapakmu. Nganti bapakmu ditimbali luwih dhisik nga­ dhep Pangeran. Emm, Lastri tulung gawekna ibu teh anget!”

Sakwise digawekna teh, ibu ora langsung ngunjuk. Ibu malah ndhawuhi Lastri kareben ngeterke tumuju kamar. Kanthi alon-alon ibu dituntun Lastri saka kursi goyang tumuju kamare. Embuh kenangapa kadingaren ibu njaluk dikancani Lastri, Niken, lan Sekar. Ibu katon bungah banget. Kanthi semangat sing makantar-kantar ibu crita jaman isih enom, ibu dadi bintang kelas ing sekolah rakyat (SR) dhisik. Kuwi mau sing gawe Niken lan Sekar katon temen anggone ngrungokna critane simbah. Kaya-kaya dongeng ngeterke turu, ora let suwe Niken lan Sekar turu neng sikepane simbah lan ibune. Rikala simbah wis angler, Lastri ngupaya mindhahke Niken lan Sekar turu ing kamare. Pancen Niken sing isih balita asring ngompol kapeksane kudu dipindhahke.

***

Dumadakan keprungu swara thothok lawang saka jaba, Lastri sing urung turu kepeksa mbukak. Banget kagete, bingung, lan ora nyana Beni ngadeg jejeg ing ngarep lawang. Marang Lastri, Beni mocap gegetunane. Beni niat ndandani sekabehane, urip bareng ibu, bojo, lan para putri. Ngolah sawah tinggalane bapak. Dheweke ngaku ora bisa turu mikirake bale wisma sing pating slembrah. Pangapura saka ati sing paling jero dheweke untabna marang Lastri kanthi kebek keyakinan. Lastri mangsuli kanthi mesem semringah. Luhe dleweran, setengah ora percaya. Beni pungkasane wis sadhar lan bali marang keluarga. Beni uga janji ora bakal nyedhaki alkohol. Ing sela-selane guneman, Beni kepengin pinanggih ibu sing ora liya ibu maratuwane. Beni njaluk pangapura merga wis ngejorke putrine. Dithothok lawang kamar ibu dening Lastri. Suwe ngenteni langka swara kang mangsuli pungkasane Lastri nyoba mbukak lawang sing

kaleresan ora dikunci. Alon Lastri ngelus astane ibu, nyoba

Nalika Rembulan Bunder | 73