Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/85

Kaca iki wis divalidasi

nggugah, lan mocap lirih. Pisan pindho ibu ora mangsuli, dheweke miringke awake lan ibu gumlethak kaku. Lastri njerit sakdadi-dadine. Beni lan tangga teparo age-age nuju kamar. Kabeh daya lan upaya dilakokna kareben ibu enggal-enggal sadhar. Nanging, kedut jantung wis mandheg lan lambene wis biru kecu. Ibu wis ora ana. Nang sandhinge ibune Lastri nangis nggembor. Ningen, ora ana sing bisa ngowahi apa sing dadi garis tulise Pangeran. “Durung kaleksanan kula nyuwun pangapunten Ibu wis tindak, apurana kula, Bu,” ucape Beni sinambi ngusap eluhe.

Suseno, lair ing Banyumas, 1 Februari 1988. Guru basa Jawa iki lulusan Program Studi Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang (saiki Universitas PGRI Semarang) tahun 2010. Manggon ana ing Desa Rawalo, Kecamatan Rawalo, Kabupaten Banyumas. Makarya ing SMKN 1 Purwojati, Banyumas, Jawa Tengah. Karya-karyane arupa antologi bersama, kayata kumpulan cerita cekak basa Banyumasan Karcis Nggo Ramane (2014), antologi geguritan Banyumasan Inyong Sapa Rika Sapa (2016), antologi puisi Bayang-Bayang Topeng (2018), antologi cerpen, sajak, cerkak, dan geguritan karya sastra para penulis Banyumas Kembang Glepang (2018), kumpulan guritan penginyongan Wulan Ndadari (2019), antologi puisi Sastra Pinggiran (2020), antologi geguritan Kluwung neng Langit Penginyongan (2020), lan pepinten karyanipun sampun kamuat ing kalawerta penginyongan ANCAS.

74 | Antologi Cerkak