Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/86

Kaca iki wis divalidasi
Kangen Putu Agustav Triono

“Bu, Dwi wis sewulan kok, ya, ora dolan mrene? Kuwi jambu ngarep omah wis uwoh. Biyasane Dimas sing nyenggeti.” Mbah Manto mbukak guneman sore kuwi ing teras omah.

“Iya, Pakne aku ya wis kangen karo Dimas, anakke Dwi kuwi pancen lucu. Nembe patang taun ning ginak-ginuk gedhe kaya wis nem taun wae,” semaure Mbah Manto Putri.

“Kowe ora nyoba tilpun Dwi? Wong anak ki, ya, patute kerep tilik bapak ibune. Biyasane ya kerep mrene ora ketang seminggu rong minggu pisan. Bocah lagi ana apa ya. Owalah Le, Le,” guneme Mbah Manto banjur nyruput teh anget gaweyane bojone.

“Apa marga usum pageblug kaya ngene, dadi Dwi sakeluwarga ora wani lelungan?”

“Lah, wong mung tangga kecamatan, apa ora olih mlebu desane dhewe iki, Bu?”

“E…lah, nyatane kaya ngana kuwi, meh saben desa pada dipalangi, diportal, mlebu kudu laporan. Malah ana desa nek dudu wargane ora olih mlebu desa iku,” semaure Mbah Manto Putri sinambi ngunjuk teh anget.

“Owalah…Anak Lanang, Anak Lanang…apa aku sing kudu menyang omahe Dwi, Bu? Ndelok kahanane kepiye, syukur olih nggawa Dimas ginak-ginuk kuwi, arep takboncengke pit, mesti bungah bocahe,” ujare Mbah Manto banjur ngadeg kaya

semangat banget arep methuk putune kuwi.

Nalika Rembulan Bunder | 75