Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/87

Kaca iki wis divalidasi

“Aja, Pak, wis mengko aku tilpun Dwi wae. Muga-muga desa kene ora ketat banget olehe njagani portal. Lah, mung tangga kecamatan, kok. Sing sabar ya, Pak.” Mbah Manto Putri nyoba ngedhemke penggalihe bojone. Mbah Manto banjur mlebu omah. Mbah Manto Putri jupuk HP sing gumlethak ing dhuwur meja banjur tilpun Dwi.

“Lah, kedahe kados niku, Bu, boten angsal medal-medal, napa malih Dimas taksih alit, kula kuwatir daya tahanipun dereng kiyat. Kula, nggih, ngenjang-enjang dolan mriku, ngen­ tosi pageblug niki mandan suda rumiyin. Kula nggih, kangen kalih Bapak lan Ibu,” swara Dwi anak kaping lorone semaur saka tilpun, njawab pitakonane Mbah Manto Putri. Dwi ngedhem­ ke pepenginane bapak lan ibune. Mbah Manto Putri mung manggut-manggut njur nutup tilpune.

Sing manggon ing omah kuwi, ya, mung Mbah Manto sakloron. Anak-anakke wis padha bale somah. Eka mbarepe manggon ana kutha liyane, melu bojone sing dadi polisi. Dwi, anak ragil sing dadi guru manggon tangga kecamatan. Biyasane Dwi kerep mampir omahe bapak ibune nanging usum pageblug corona iki, wis rong wulan ora tau mampir.

“Dhek, Mbak Eka titip Bapak Ibu, ya. Kowe sing kerep mampir. Kuwi anakmu, ya, dijak kanggo nyenengke atine bapak ibu. Aku njaluk ngapura durung isa mulih. Sesuk-sesuk nek wis mandan suda aku lan anak-anakku, ya, dolan mrana,” ujare Eka wektu tilpun Dwi.

“Iya, Mbak sesuk-sesuk nek kahanane wis ora kaya ngene aku, ya, arep dolan mrana. Lah, iki nang kene saben desa uga dijagani lan diportal. Ati-ati banget marang wong saka jaba.” Kakang adi kuwi senajan adoh ning akrab lan sering tilpuntilpunan. Wiwit cilik pancen Eka lan Dwi kompak prasasat ora tau tukaran utawa mungsuhan.

“Aku, ya, kangen karo Eka lan anak-anakke, Bu,” ujare Mbah Manto ing sawijining wektu.

76 | Antologi Cerkak