Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/88

Kaca iki wis divalidasi

“Aku ya, iya, banjur kepiye maneh, Pak? Jaman lagi kaya ngene,” wangsulane Mbah Manto Putri. “Wong sing tang­ga kecamatan wae ora wani dolan mrene, apa maneh sing tangga kabupaten, Pak, Pak, sing sabar.” Mbah Putri neruske ngadhe­make pikirane Mbah Manto.

“Ora apa-apa, aku sesuk arep menyang omahe Eka, ketoke kahanane wis mandan surut. kok, iki.” Mbah Manto tetep ngeyel banjur lunga menyang kebon resik-resik. Mbah Putri mung nyawang katon nelangsa.

Esuke ngepasi dina Minggu, esuk-esuk Mbah Putri bengokbengok nggoleki Mbah Manto. Wis digoleki ing sakjerone omah, kebon ngarep, lan kebon buri uga ora ana. Mbah Putri uga takon tanggane mbok menawa weruh, ning ora ana sing weruh babar blas. Pak Rahmat tangga ngarep omah sing biyasa bareng jamaah ing langgar melu ngrewangi nggoleki Mbah Manto. Pak Rahmat ngajak Lik Rusdi sing omahe jejer karo Pak Rahmat. Wong loro kuwi ngubengi sadusun, ning asile ora bisa nemokake Mbah Manto.

“Mbah, kula sampun kiter sadusun, nanging mboten kepanggih Mbah Manto. Napa mboten pamitan wau?” Pak Rahmat takon marang Mbah Manto Putri.

“Bapak boten pamit. Apa dilaporke polisi wae ya, Pak?”

“Mangke ditengga sawetawis, yen ngantos bar duhur dereng kondur nembe lapor Pak RT riyin. Mugi-mugi Mbah Man­to mung mlampah-mlampah, mangke mbok menawi kon­ dur piyambak,” sarane Pak Rahmat.

Mbah Manto Putri tetep wae kuwatir. Mbah Manto Putri bingung banjur tilpun Eka lan Dwi mbok menawa kepenginane Mbah Manto ketemu putune bener dilakoni.

Eka lan Dwi uga ngabari yen bapake ora dolan mrana. Nganti awan wong telu kuwi tilpun-tilpunan terus. Kuwatir marang bapake, lunga menyang ngendi, lunga karo sapa? Kok ora ana kabar. Pancen sing biyasa nyekel HP mung Mbah Putri

Nalika Rembulan Bunder | 77