Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/89

Kaca iki wis divalidasi

thok. Mbah Manto ora gelem nyekel HP. Angger komunikasi karo anak lan putune, ya, sing nyambungke Mbah Manto Putri. Jaman lagi pageblug kaya ngene, apa-apa pancen gawe kuwatir. Eka lan Dwi kepengin mulih nggoleki bapake ning ibune nglarang merga lagi kahanan kaya ngene.

“Wis, ora usah mulih, mengko wae angger tekan asar bapak­ mu durung mulih, aku lapor Pak RT lan warga kon ngrewangi nggoleki bapakmu kuwi,” kandhane Mbah Manto Putri marang anak-anake.

Wis mandan sore, bar asar ana kabar saka Eka menawa Mbah Manto jebul menyang omahe. “Alhamdulillah Bu, iki Bapak lagi dolanan kalih putune.” Mbah Manto Putri ayem ana warta saka Eka. Mbah Manto Putri lagi mikir kok bisa bojone kuwi temenan anggone nglakoni kekarepane, ing atase lagi jaman kaya ngene kok, ya, nekad.

“Ya wis, diaturi kondur sesuk wae. Bapakmu diaturi sare neng omahmu wae ya, Ka,” welinge Mbah Manto Putri.

Ora suwe Dwi uga tilpun ngabarake menawa Mbah Manto jebule dolan menyang omahe, jare kangen tenan marang Dimas. Dwi nyritakake marang ibune menawa bapake nggawa jambu sakresek kanggo putune. Jare anak lanange kuwi, Mbah Manto katon bungah ketemu anak putu. Malah kepengin nginep neng omahe Dwi pirang-pirang dina.

“Nggih niki, Bu, Bapak saweg dhahar jambu kaliyan Dimas. Criyose ibu ugi kangen sanget kalih Dimas, nggih. Ngenjangenjang mawon, nggih, Bu, kula dolan mriku kalih Dimas lan ibune,” ujare Dwi ning tilpun marang ibune.

“Oh iya, Dwi. Bapakmu kon ngati-ati yen mengko mulih, ya. Apa mbokterke yen wektumu sela. Saiki bapakmu dikon maremake anggone momong Dimas,” semaure Mbah Manto Putri.

Mbah Manto Putri katon rada ayem merga wis ana kabar bojone. Niyate ngabari Pak RT lan njaluk tulung warga kon goleki

78 | Antologi Cerkak