Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/90

Kaca iki wis divalidasi

Mbah Manto diurungke. Dheweke banjur lungguh ning teras omah. Ngalamun kahanan jaman biyen sadurunge anak-anake padha misah merga wis bale somah dhewe-dhewe. Sadurunge duwe omah, Dwi sakeluwarga uga manggon bareng, nanging sawise Dwi diangkat PNS, banjur jupuk perumahan ning tangga kecamatan. Mbah Manto sakloron ora bisa nglarang mergane pancen wis mangsane anak-anake kudu mandhiri.

Ing kebon sing ditanduri woh-wohan lan maneka kembang, pancen marakna ayem kanggo sawangan wayah sore. Ana kupukupu loro padha mabur ngiteri wit kembang matahari sing lagi mekar. Banjur ketambahan ana kupu loro maneh, kupu-kupu kuwi menclok ning kembang banjur mabur maneh kaya lagi dolanan playon. Ora let suwe kupu-kupu kuwi sawise ngisep nektar utawa sarine kembang banjur mabur ngilang. Mbah Manto Putri banjur mak gragap. Mikir, lah, mau Eka ngabari menawa mbah Manto lagi dolan mrana. Sawise kuwi Dwi uga tilpun ngabari yen Mbah Manto lagi dolan karo putune. Lah, sing bener endi? Bisa-bisane Mbah Manto ana ning rong panggonan wektune meh bareng?

Mbah Manto Putri langsung wae tilpun marang Eka, ning suwe ora diangkat-angkat. Banjur dibaleni maneh nganti kaping telu, malah muni tut tut tut ora nyambung blas. Gentian Mbah Manto Putri tilpun Dwi, nanging ya, padha wae bola-bali ora nyambung. Mbah Putri sangsaya bingung, sangsaya kuwatir nemoni kahanan iku. Kok ya, aku percaya wae marang kabare Dwi lan Eka mau? Kok ya, aku ora ndhedhes pitakonan apa bener bapake ana ing omahe Dwi? Lha, sadurunge jare lagi dolan nang omahe Eka. Lho, kok aku dadi linglung kaya ngene. Mbah Manto Putri bingung ing batin, atine katon grungsang. Meh arep wadul lan crita karo sapa. Wis sandekala, sedhela maneh azan magrib, nanging Mbah Manto durung mulih.

Sawise salat magrib, Mbah Putri donga kusus marang Gusti

Allah mugi-mugi cepet ana kabar lan Mbah Manto cepet mulih.

Nalika Rembulan Bunder | 79