Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/91

Kaca iki wis divalidasi

Sawise magrib Mbah Manto Putri wis niyat bakal menyang Pak RT jaluk tulung digolekake bojone kuwi. Apa dilaporke polisi. Sawise donga Mbah Manto Putri grusa-grusu arep lunga, nanging sadurunge mbukak lawang, saka ngarep ana sing ngundang.

“Arep menyang ngendi, Bu? Wong isih sandekala kaya ngene kok, ya, arep metu?”

Mbah Manto Putri kaget banjur nglinguk sumbere swara. Jebul Mbah Manto ning ruwang tamu lagi lungguh kursi.

“Lho, Pak, owalah… Alhamdulillah jenengan wis mulih. Aku kuwatir Bapak wiwit esuk kok, ya, lunga ora pamit?” Mbah Manto Putri banjur ngrangkul Mbah Manto.

“Lah, aku ya ora menyang ngendhi-endhi, kok. Wiwit esuk resik-resik kebon mburi omah lan uga negor wit gedhang. Lumayan, kuwi kena nggo ngirimi putu.”

“Aku mau, ya, wis tilpun Eka lan Dwi, malah jarene bocah loro kuwi, Bapak mrana dolan ketemu anak putu. Ning arep taktakokake maneh malah tilpune ora nyambung-nyambung.”

“Lah, kuwi anak putu, ya, padha wae kangen, ta. Mosok aku sawektu kuwi ana ning rong panggonan. Apa tumon?” Mbah Manto nyemauri karo swara sing biyasa wae.

“Ning jare Eka lan Dwi kaya kuwi. Lha, sing bener sapa, ta?”

“Wis Bu, saiki rewangi Bapak wae nggawa gedhang kuwi disimpen nang mburi.” Mbah Manto langsung ngringkesi gedhang sing nembe wae ditegor.

“Pak, mau aku, ya, nggoleki ning kebon ngarep lan kebon mburi, kok ya Bapak ora ketok? Mosok mung negor wit gedhang kok sadina suwene? Lha kuwi bapak dolan menyang omahe Eka lan Dwi bener ora?”

“Wis Bu, aja crita-crita sing ngayawara kaya kuwi. Ayo Bapak direwangi.”

“Nanging, Pak …” Mbah Manto Putri isih bingung.

80 | Antologi Cerkak