Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/93

Kaca iki wis divalidasi
Kasekat Kaca Ireng Esti Suryani

Gedung Auditorium UNS wis wiwit suda tamune, sijisiji mungkur saka purnaning upacara wisudha. Swasana haru lan hikmat neng Auditorium krasa banget neng atine Ratri lan Bekti. Wong tuwane bocah sak loron sing ndhampingi wisuda linggih neng kursi dhuwur tanganne wis ngawe-awe ngajak metu. Linggih sisihan ora kuwat ngucap omongan sing wis neng pucuk ilat. Tangane Bekti gondhelan kenceng lingiran kursi abang sing ijik baris ndheret ngetan ngulon nggolek kekuatan kareben lancer ngucapke babagan isi atine, sisan arep pamit saka tugas ikatan dinas sing kudu dilakoni. Semana uga Ratri, sirahe ndhungkluk ora wani nyawang bingung arep omongan apa, ora kewetu saka lambene.

Ora maido wong yen arep ngucapke katresnan kuwi pancen bias gawe rasane ati ndredheg ora karuwan. Nanging, rasa ndredheg lan pangarep-arep kuwi kayane wis muspra sithik baka sithik kalah karo rasa tangung jawab marang tugas kuwi mau. Amarga sawise wisudha iki Ratri lan Bekti bakal angel bias ketemu maneh. Ora krasa mripate Ratri kembeng-kembeng kebak banyu. Dheweke ngrasa yen bakal ora keturutan rasa katresnan sing kependhem suwe neng jero dhadha.

“Wis, Ratri, mripatmu abang teles, aja nangis, aku njut kepelu sedhih. Awake dhewe arep pisahan adoh, kamangka aku wis niyat arep nembung karo wong tuwamu,” ujare Bekti karo nyekel tangane Ratri.

82 | Antologi Cerkak