Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/96

Kaca iki wis divalidasi

atine Bekti sing kudu-kudu urip bebarengan sakomah karo Ratri. Ora suwe manuk sakjodho kuwi metu saka ngomah cilik njero kandhang ngoceh bebarengan karo nempel-nempelke cucuke neng wulu sirah, gulu, lan geger pasanganne. Bekti linggih kursi teras omah karo nyruput wedang kopi, mripate ora kedhep nyawang lovebird sing lagi kasmaran karo mbukak WA. Menyang Ratri, dheweke ngandhakake yen awake mriyang rasane gembrebeg lan pegel-pegel njarem.

“Mas, arepa dhokter yen lara, ya, kudu berobat. Ayo, nyang ndhokteran mumpung durung kebacut, aku lagi mbagi-mbagi undhangan walimahan nikahane awake dhewe, iki aku tak mrana langsung,”

Ratri ora nunggu wangsulane Bekti, langsung wae gage-gage nyang omahe Bekti. Ngerti-ngerti Ratri wis linggih cedhak Bekti, ngerteni lagi watuk-watuk, tangane nggondheli gulu nahan gatel. Wedang kopi ndhuwur meja ora digagas maneh, pikirane malah njut nyang pandhemi covid-19 sing lagi dadi wabah.

“Aja-aja, aku demam corona, iki ning WA, Elizabet Wood ngandhakke lagi bar rapid test hasile reaktif langsung swab test, saiki dikarantina. Dheweke nekokke, apa aku, ya, kena corona. Malah nganjurake berobat, sisan tes corona.”

Ratri ora njawab apa-apa langsung wae mapah Bekti mlebu mobil nyang rumah sakit. Saksuwene lelungan nyang rumah sakit ora ana omongan sithik blas. Ratri karo nyupir sedhilitsedhilit nyawang raine Bekti sing pucet.

Ora suwe wis tekan nggone, Bekti dipriksa werna-werna miturut urutane tes corona karo petugas kesehatan. Ratri nunggu nganti setengah dina suwene nembe ditemoni dokter sing mriksa ngandakake yen Bekti rawat jalan. Obat saka dhokter digawa Ratri.

“Mas, iki obat diombe, muga jodho. Nanging, kudu neng omah wae, kaya berita neng youtube kae, kudu isolasi mandhiri

saksuwene durung metu hasil tes corona,” kandhane Ratri ora

Nalika Rembulan Bunder | 85