Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/97

Kaca iki wis divalidasi

digagas Bekti sing wis semeleh lemes, sumeleh ana ing kursi jok mobile.

“Ya, wis, selehna awakmu, selehna pikirmu. Aku, ya, takrutin ngombe vitamin, ben tetep sehat, bisa njaga awakmu sing lagi kena pacoban iki.”

Genep 14 dina wis entuk kabar saka RS yen Bekti positif kena corona. Sapa sing ora lemes ngerteni calon pasangane wis arep dhapuk mantenan ngerti-ngerti kena pacoban abot ngene iki. Ratri milih ora sah nunggu dijemput ambulan langsung budhal dhewe menyang rumah sakit nggawa salin lan keperluwane lengkap saksuwene berobat, Ratri ora entuk mlebu kamar opname, Nunggu neng sanjabane gedhung rumah sakit, ana papan khusus tunggu kulawarga pasien.

Ora krasa wis setengah wulan punjul, wira-wiri nunggu Bekti neng rumah sakit. Ratri nguda rasa ana ing batin, nyritakake lelakon urip. Nembe wae ketemu wong sing dikangeni, ngrasakke ati seneng, kudu ngadhepi lelakon sing ora dinyana-nyana. Ora mandheg-mandheg memuji marang Gusti Allah muga paring kesehatan kanggo Mas Bekti.

“Gegayuhanku wis kasekat kaca ireng ngedhangi antarane pasien karo aku, kulawarga pasien, nganggo batesan ora entuk nyedhak marang wong siji wae.”

Ora krasa mripate Ratri teles nalika mbukak dhompet ngetung dhuwit sisa lengresiki tabungane kepetung limangatus ewu. Wis telung wulan gaji saka rumah sakit nggone kerja gedhene mung 5085, gaji telung dina mlebu, telung dina neng ngomah, Ora krasa eluh wis netes dleweran neng pipi ngrasakake wabah iki dhampake mrembet nyang endi-endi.

Ratri mbukak tas nglebokke dhompet lan njukuk undhangan resepsi nikah sing wis kliwat wektune, petungane dina bapak lan sibu wis ora cocok karo kahanan saiki maneh. Kamangka wis nyingkiri dina tanggal wektu geblage simbah putri lan mbah kakung.

86 Antologi Cerkak