Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/98

Kaca iki wis divalidasi

“Nonton tanggale undhangan resepsi iki wis ora kanggo maneh di-pending tanggale nganti kapan ora ngerti,” Ratri ngunjal ambegan rada suwe.

“Kabeh pesenan katering, omah tarup resepsi sakkursine, lan rias manten, ya, wis takbayar lunas kabeh, karepku rampung resepsine, wis ora sah mikir maneh.”

Sangsaya ndlewer eluh netes, karo ngelap pipine Ratri neruske nguda rasaning ati.

“Kuduneakuwis rampung bulanmadulelumban katresnan karo Mas Bekti. Kudune aku mben esuk wis nggawekake wedang kopi nggo mas Bekti, karo nyawang manuk lovebird mesra-mesranan, Ketemu wae ora entuk, ndemok tangane we ora entuk, nyawang nempelke tangan kasekat kaca ireng wis kudu ngerteni lan ngucap matur nuwun.”

Ratri ngunjal ambegan maneh karo mlaku ninggalke rumah sakit mulih niliki kulawargane Bekti ngabari kahanane.

Kabare Bekti kena virus corona wis santer neng kampung. Pak RT lan wargane padha gayeng ngrembug piye carane nolak warga njaba mlebu nyang kampunge. Mbagi tugas ngedhangi dalan mlebu gang saka etan lan saka kulon nganggo pring. Semprotan cairan disinfektan dipasang ndhuwur gang mlebu kampung. Warga ora nggagas yen ana arahan cairan kuwi mau ora apik yen kena kulit, Ing sarepe gang dipasangi papan gedhe katulis nglarang tamu mlebu nggawa virus corona.

Esukke Ratri entuk kabar saka rumah sakit yen Bekti wis sehat lan entuk mulih. Neng omah kulawargane Bekti nyiapke panggonan kanggo ngaso Bekti yen mulih. Gandhok tengah disapu resik digelari klasa lan kasur cilik, Sakjrone Bekti kena corona, ora ana warga nyedhak omah, paling celuluk saka adoh. Ibu lan bapake Bekti ngrumangsani uga nampa kudu jaga jarak. Yu Prenjak saka adoh bengak-bengok ngerti padha reresik omah.

“Bu Darmi, piye kabare Bekti, mari durung? Mulih kapan? Kerjane dadi dhokter piye? Kok, suwe men, ning rumah sakit?

Nalika Rembulan Bunder 87