Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/99

Kaca iki wis divalidasi

Jare arep ijab kok mundur?” pitakone Yu Prenjak nrecel ora kena diselani,

“Ngendikane Pak Dokter dina iki mulih, ana perpanjangan WFH, suk mben mbuh kapan,” jawabe Bu Darmi, ibune Bekti, ora kalah bantere karo watuk-watuk.

“Apa kuwi WFH?” pitakone Yu Prenjak ngoyak mergane penasaran.

“ Uhuk.. uhuk...uhuk...watuk, tak mlebu omah,” jawabe Bu Darmi nyingkiri keluk olehe obong sampah.

Yu Prenjak tambah penasaran takok mulih kapan, dijawab dina iki. Jare perpanjangan WFH, njur takok apa WFH kuwi, jawabe watuk. Yu Prenjak ngrememeng dhewe.

“Berarti Bekti mulih dina iki, tapi njur perpanjangan mergane watuk, embuh kapan le mulih, Iha kok reresik omah? Mesti Bekti durung mari dikon mulih dhoktere mergane watuk ora mari-mari. Aku tak lapor Pak RT, babagan wigati iki, aja nganti mulih malah nular sakdesa kena corona kabeh.” Yu Prenjak mlayu nemoni Pak RT karo nyincing dhaster.

“Pak RT, ana berita, Bekti, anakke Bu Darmi sing kena corona dina iki mulih, Dhoktere ora ngentukake mulih, malah perpanjangan amarga watuk, tapi tetep nekat mulih. Keluwargane wis reresik omah”.

“Iki ana berita terbaru saka koran, koran kuwi saka berita rumah sakit, Yu,” jawabe Pak RT karo ngelungke koran isi berita esuk iki.

“Pasien ninggal akibat corona esuk iki, salah sijine inisial BBYSolo. Aja-aja BBY singkatan Bekti Bagus Sosongko?” mripate Yu Prenjak mblalak amba ngerti yen BBY termasuk ninggal,

“Kowe aja ngawur, Yu, durung ana laporan nyang aku yen Bekti ninggal,” ganti Pak RT mblalak menthelengi Yu Prenjak,

“Ayo, ngintip omahe Bu Darmi saka adoh,” kandane Yu Prenjak.

88 antologi Cerkak