Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/13

Kaca iki wis divalidasi

B. Kula atas namaning ahli waris.
Tembung atas namaning iku kena diselani nganggo tembung apa?
Ahli waris iku ateges sanak sedulur utawa karabat.
Tembung ahli tok ateges wong kang pinter (putus) ing sawidjikawruh.
Tjoba ngaranana sawatara ahli!
Upamane : ahli...... = S.H.
Kadjaba ahli ana maneh djuru lan tukang. Ngaranana djuru lan tukang nglima bae. Upamane : djuru ..........tukang.

C. Amargi sakit sepuh.
Kosok baline tembung sepuh iku enem utawa timur.
Apa kosok baline tembung2 sing dietjap kandel ngisor iki ?

  1. Kala wingi Bapak tindak dateng Semarang. .
  2. Pakde arep adol djam tangan.
  3. Sawise srengengene mletek aku mangkat.
  4. Botjah andap asor iku tansah dadi pangalembana.
  5. Sing sapa ngestokake dawuhing guru bakal dadi botjah pinter.
  6. Totok nemu duwit ana latar.

D. Gawea: ukara nganggo tembung2 ngisor iki.

  1. ngaturi
  2. kawuningan
  3. mbok bilih

  1. kala
  2. kala2
  3. rikala

  1. dumugi
  2. dateng

III. PARAMASASTRA.
A. 1. Bapak Judapralaja tilar donja amargi sakit sepuh. Endi djedjer lan wasesaning ukara iku? Amargi sakit sepuh nerangake sebab, mula ija bandjur diarani katrangan sebab.
Gawea ukara sing ana katrangane sebab loro bae.
2. Lajon bade dipun sarekaken ing dinten Djumuah Legi tanggal 22 Mei 1967 dateng Astana Andong.
Ukara iku udalen utawa ratjuten.
B. Kula atas namaning ahli waris.
Tembung ahli waris iku tembung loro kang diraketake dadi sidji lan tegese wis manunggal. Tembung mangkono iku diarani tembung tjamboran (madjemuk).

11