Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/15

Kaca iki wis divalidasi

 Kadjawi djuru ngarang sapambantunipun, serat kabar ugigadah punggawa ingkang ngurus tumindaking pendamelan, kadosta : nampeni jatra lengganan, ngintunakea serat kabar dateng para lengganan, ngurus wragading ngetjap. Manawi gadah pengetjapan pijambak inggih ngurus delantjang, mangsi, tukang, punggawa sapanunggilanipun, ingkang bangsa pandamelan pangetjapan.
 Serat kabar punika wonten ingkang medal saben dinten wonten ingkang medal seminggu sepisan, setengah wulan sepisan, saben wulan, ugi wonten ingkang medal tigang wulan sepisan. Ingkang medal saben dinten namung wudjud delantjang lembaran, sanesipun sami wudjud buku, namanipun kalawarti.
 Isinipun kenging kapilah-pilah, makaten :
 Ingkang wudjud delantjang lembaran, ing katja kapisah wonten seratan ageng : namanipun serat kabar wau. Ladjeng karangan2 saking para djuru ngarang, limrahipun rupi wawasan warni2 babagan punapa kemawuan, kadosta : babagan parentah pradja, babagan panggesangan, pedagangan, kataberen, kabudidajan, panggula wentah, among tani, kasarasan, piwulang lan sanes2ipun malih, tjekakipun ingkang njekapi dateng betahing ngakatah. Katja kaping kalih ngewrat kabar tjekak2 saking mantja nagari utawi saking sabrang, wonten papan saperangan kangge ngewrat kabar-kabar saking kitanipun pijambak, saperangan malih kangge ngewrat kabar2 babagan ulah raga, wasana wonten papan sedijan pariwara. Sadaja tijang langkung2 para among dagang kenging nglebetake pariwara sarana katarik bajaran, mewahi pengasilanipun serat kabar wau.

(Petikan saking : Patjitan I)

I. MATJA. A. Petikan duwur iku watjanen batin, nuli wangsulana pitakon2 iki!

  1. Apa sing dikarepake : dados kabetahan umum ?
  2. Apa ta guna paedahe lajang iku ?
  3. Sapa sing duwe tanggung djawab tumrap isining lajang kabar ? Saiki didjenengake apa ?
  4. Pembantu sing golek lan ngirimake kabar marang sesepuhing djuru ngarang, iku diarani apa ?
  5. Kadjaba djuru ngarang, isih kudu ana punggawa maneh. Apa tugase? Apa djenenge?
  6. Jen kowe ngirimake duwit langganan kok alamatake sapa?
  7. Lha jen kirim kabar (naskah) dialamatake sapa ?
  8. Apa bae kang kamot ing kalja sapisan ?

13