Kaca:Ngemi-emi Basa Djawi III.pdf/38

Kaca iki wis divalidasi

marang : Lajang iki kirimna marang adimu.
c. saka : Ibu rawuh saka pasar.
d. dening : Sirna dening aku kowe !
2. Tembung sabawa (kataseru)
Tulada : E, adja sembrana !

O, kowe ta iki mau !
Lo, rak nekat ! Isp.

IV. KASUSASTRAN.

Petikan duwur mau basane gantjar apa sekar ?
Para pangarang djaman anjar iki ratjake pada seneng gawe karangan kang basane basa gantjaran.
Buku2 kang abasa gantjar mau upamane :
  1. Mitradarma jasan swargi R.T. Jasawidagda.
  2. Serat Rijanto „ RM. Sulardi.
  3. Ngulandara „ Swargi Margana Djajaatmadja.
  4. Djodo kang pinasti jasan Sri Hadidjaja.
  5. Serat Gerilja „ Sri Hadidjaja.
  6. Kemandang jasan Senggana.
  7. Kembang kantil „ Senggana.
  8. Kidung wengi ing gunung gamping jasan Ismaniasita.
  9. Dongeng sato kewan jasan Pak Prijana Winduwinata.

Tjoba goleka silihan buku2 ing duwur iku nuli watjanen. Jen wis gawea ringkesane !
V. SANDIWARA.
Tjoba sandiwarakna, Semar, Giang Petruk, lan Bagong lagi pada mudar gagasan bab :

  1. Gotong Rojong,
  2. Pangudi enggale maudjud masjarakat adil makmur.
WULANGAN X.
ANAK PUTU KANG BAKAL NGUNDUH NANG-NANGANE.

„Para mitra kabeh”, mangkono rembuge Santiago wiwit djaman kuna makuna, leluhur kita tansah paring pepeling manawa bumi Sangir Talaud iki kudu dikukuhi jen nganti ana parangmuka kang ngrobasa.

36