Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/100

Kaca iki wis divalidasi

101

    Sekti-mandraguna (tembung sarodja) = digdaja banget.
    Tapak-paluning pandhé = gegaman saka wesi. Gegaman saka wesi iku mesthi ana tapaké palu, marga panggawéné sarana dipalu.
    Sisaning gurénda = tegesé lugu: turahané wungkal, maksudé: gegaman saka wesi. Gegaman saka wesi iku pangasahé sarana digosokaké wungkal. Marga gosokan karo wungkal, gegamané dadi tipis (mingid-mingid), dadi landep.
    Gurénda = wungkal awangun bunder.

  1. Sedhakep asuku tunggal, nutupi babahan bawa sesanga. Iku tjarané wong mudja-samadi. Tangané seḍhakep, sikilé dadi sidji (didhèmpètaké). Asuku tunggal = mawa suku dadi sidji (didhèmpètaké).
    Babahan (tembung Kawi) = bolongan, lawang, wiwara, dwara.
    Hawa = napsu, jèn disarodja dadi: hawa-napsu.
    Nutupi babahan hawa sesanga = lawanging hawa-napsu tjatjahé sanga, ditutupi kabèh. Bolongan kuping 2, bolongan irung 2, mripat 2, tjangkem 1, planangan (pawadonan) 1, djubur 1. Kabèh iku ditutupi, maksudé: ora makarti. Liré: ana rupa ora dinulu, ana ganda ora ingambu, ana swara ora rinungu, lan saterusé.
  2. Radèn Arja Setyaki ja Radèn Wresniwira, ja Bimakunting, ja Singamulangdjaja, suh-djedjeting pradja, sapu-kawat Dwarawati.
    Suh = nam-naman tali (kanggo nalèni sapu). Djedjet = talining wengku. Suh-djedjeting pradja = pikuwating nagara, jaiku sing bisa njapu mungsuh (samangsa ana parangmuka nekani nedya ngrabasa pradja).
    Sapu-kawat = andel-andel, jaiku wong sing kena diendelaké mesti bisa njirnakaké mungsuh (njapu parangmuka).
  3. Ngasta bang-bang aluming pradja. Tegesé : bisa nggawé abang utawa aluming nagara. Maksudé: Nguwasani pradja lan tanggung-djawab tata-tentremé. Tembungé lija: ngasta pusaraning pradja. (Pusara = tali).
  4. Djeneng para ingsun timbali marak ing ngarsaningsun, poma adja darbé pangira manawa bakal tampa nugraha keris kang tuwa tangguhé, kampuh kang pera siginé, sabuk kang dawa ubedé. Bebasan adoh lintang binalang kaju; tangèh kenané, tjepak tjupeté.
    Para = tembung wantjahan sarana mbuwang pérangan tengah: pa (keni) ra, tegesé : kowé. Nugraha = gandjaran.
    Keris kang tuwa tangguhé = keris peng-pengan, gedhé kasijaté.
     'Kampuh kang pera siginé = kampuh (dodot) isih anjar.