Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/101

Kaca iki wis divalidasi
102
Adoh lintang binalang kaju= lintang dunungé adoh banget (dhuwur banget), dibalang nganggo kaju, mesthi ora bakal kena. Maksudé: pangarep-arep utawa sedya kang tangèh bisané klakon.
  21. Rinten-dalu ingkang kawula tjetjadhang namung ajahan ingkang awrat. Kakarsakna mbedhah pradja sawantji-wantji, anggrasang bètèng nggathol kapurantjang, kawula sendika nglampahi. Manawi putung kasawatna, remuk kasawurna !
Kapurantjang = wilahan (pring) dilantjipi ditata pating tjrongat kapasang ing: pager-bata (bètèng) .
 (Manawi badan kawula ngantos)putung kasawatna, remuk kasawurna = (manawi badan kawula) nganthos tatu, (balung putung, kulit tjètjèl), prajogi kaedjura pisan. kémawon. Djalaran manawi kawula ngantos nandang tatu, pratandha kirang teguh-timbul, kirang digdaja, boten pantes tampi kapitadosan ageng, adamel lingsemipun Gusti.
Rinengga (direngga) utawa didèkèki rerenggan, maksudé supaja éndah angresepaké. Nanging manawa kakéhan rerenggan, malah ndjuwarèhi. Pepindhané wong nganggo-anggo sing kakéhan rerenggan, mesti ndjuwarèhi. Upamane: nganggo ali-

ali satengah lusin, ndjuwarèhi. Nganggo djam-tangan lan djam-kandhut; ndjawarèhi. Mangkono uga basa, manawa kakéhan rerenggan ija ndjuwarèhi. Sing bisa ,,marakaké éndah”iku dudu ,akèhing rerenggané”, nanging ,,pintering pamilihé rerenggan” lan prigeling tjarané matrapaké rerenggan iku ing papan kang mungguh.

  Reriptan ing ngisor iki. asalé saka Kèpèk tilarané Ki Bei Tjitrasantika, Wadana Pamidjèn ing Sambunematjan: (Sragèn). Ora kakéhan rerenggan nanging èndah angresepaké. Tembungé runtut, gampang diapalaké; pedhotané mapan, unèn-unènè laras, tur isinè ija mentes.


I. Dhandhanggula
  1. Tibra laju wajahé Hjang Rawi, rawat-rawat sinamar Hjang Ima, amara-semu sunaré, rèrèh dènnja tumurun, lir kepalang malah-tumolih, labet masih karenan, mjat resmining dhukuh, wismané randa Dhadhapan, mèsi sotya kang lagi sinara wèdi, dinadar ing Djawata.
 2. Ponang Retna samana kaèksi, 'Kèn Limaran nèng ngajuning wisma, njaponi palantarané, sakedhap kèndel mangu, kang sinapon tinolih pulih, wola-wali mangkana, kèh rondhon kand luru, lir kenèng daja-upaja, mbok parawan pegel ing tyas nawung kingkin, temah tunèng wewéka.