Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/102

Kaca iki wis divalidasi
103

3. Katarutjut ngutjap pasang-giri: ,,.Déwa Gung kang amengku kuwasa, saksinen udjar ngong mangké, sapa bangkit tumulung, ngilangana kalésa mangkin, kalamun djalu dadya, djatu-kramaningsun, déné jèn sipat wanodya, ingong rengkuh sadulur sinarawèdi, tekèng Ari-bawana”.


II. Pangkur.

1. Samantara djleg kawurjan, Djaka Lodang tumurun marepeki, Kèn Rara arsa lumaju, ponang wamara modjar : ,,Éh ta Rara tan nedya sikara ingsun, mung ajun takon kéwala, ing wau ingsun mijarsi.

2. Sira prasetyéng Djawata, sapa bisa tetulung minangkani, laruding larahan luru, regeding palataran, lamun prija sira sumarah Winengku, jèn wadon dadia kadang, sadulur sinarawèdi.

3. Apa temen udjarira, jèn tjidraa kenèng upata jekti, jèn sira nuhoni wuwus, njatèdining Kusuma, jwa sandéja nugrahanta mèh dhumawuh, ingsun: dutaning Djawata, anekani pasanggiri”.


III. Maskumambang

1. Rawat waspa Kèn Rara dupi mijarsi, ngungun sru nalangsa, puwara aris nauri: ,,Dhuh walèh-walèh punapa.

2. Pan sanjata wuwus ulun kang kawidjil; mené mung sumangga, paran nggèn ulun njinggahi, jèn wus karsaning Djawata”.

3. Suka ing tyas réwanda tandya samadi, Hjang Maruta prapta, kalésa katut sumilir, rerontjèné tan winarna.


IV. Kinanti

1. Baskara diwasa surup, ginantyan wimbaning sasi, sedhengé tanggal ping sapta, manda prabané marnani, senen djroning padhukuhan, sonja sabawaning djanmi.

2. Upama kalané dalu, ana karna kang tumiling, kaja mung mjarsa na rasan, piweling kang milangoni; ,,Duh Rara ing béndjang-éndjang, ing wajah banguning rawi,

3. Sun méndra arsa anggaru, mring sawah si Randakuning, sira Rara reratenga, sathitik kinarja ngirim, nora kudu salah éndah, nanging susulna pribadi”.


V. Balabak.

1. Bjar raina Kèn Rara wus maring sendhang, mamèt wé. Turut marga njambi reramban djanganan, antuké. Prapténg wisma wusing. njapu atetebah, djogané.