Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/104

Kaca iki wis divalidasi
105
IX. Asmaradana
  1. Dyan Sri Kala Radjapati, kuthané in Madjalengka, rinusak putrané dhéwé, sumilih salin salaga, ngalih maring Bintara, Adijati djamanipun, sadjroning Kalawisaja
 2. Rusaké mring Padjang ngalih aran djaman Kaladjangga, tan lawas wus ngalih manèh kekhuta anèng Mataram, rinaket wong nakoda, djaman Kalasakti iku, sirep reretuning pradja.
 3. Djaman kaping nem angalih, kuthané ing Wanakarta, pan Kaladjaja djamané, puwara djaman ping sapta, Kalabendu ranira,, pjarsakna lambanging semu, nanging sun lungguh sadhéla."


X. Gambuh.
 1. Djaka Lodang gumandul, praptaning pang ngethèngkrèng sru muwus; ,, Wahanané jèn Kalabendu nekani, tinggalé njanma sawegung, tan Ijan arta kang katongton.
 2. Prandéné malah larud, amalarat lir binérat larut, warna-warna wadalé kawula alit, padjégé rangkep. kang mupu, pradjané sugih bot-répot.
 3. Tan ana warta tuhu, mari kangen wong sanak-sadulur, nir ing tata sardjana-sudjana kontit, dursila kendel andarung, kang bandol tulus mandosol.


XI. Sinom.
 1. Leremé retuning pradja, sinapih Nata Ginaib, sinebut Ratu Amisan, sudama papa linuwih, djroning masih piningit, bebasan sinampar-sandung, akèh kang katambuhan, puwara djenengira dji, pinandita mengku adil-paramarta.
 2. Djedjuluk Sri Hérutjakra, ngadaton Ketangga-petik, pradjurité mung Sirolah, kang molah luluh kapilis, singa mungkir kadjungkir, mangsah rebah kabarubuh, saking karsaning Suksma, akarja buwana-balik retuning rat érat ingréh rahardja.
 3. Ménak sésining bawana, tan ana winalang ati, muwah-muwuh sandhang-boga, sirna kang durdjana-djuti, tobat durtané sebit, mulat wilalating ratu, turun ping tjatur sirna, tanpa karananing djurit, mung katawan lawan napsuné prijangga.


XII. Megatruh.
  1. Ingsun tutur iku nguni wus kasebut, djangkané Natèng Kediri, Sri Djajabaja duk rawuh, nèng wukir Padhang nelasi, Adjar Subrata kedudon. (*)

(*)Tjundukna karo Lambangé Adjar Subrata(ing bab: Pralambang).