Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/105

Kaca iki wis divalidasi

108

Léng = pepindaning raga, awak, badan-wadag, djasmani.

Ngemuli = maksudé ndjaga, rumeksa, ngerèh.

 Maknané : djiwané manungsa kudu bisa mangrèh ragané, supaja ing tembé bisa mati sampurna. (Raga, uga ateges: napsu).
 Wong urip iku arang sing djiwané bisa mangrèh ragané utawa hawa-napsuné. Sing akèh-akèh, marga ketarik éndahing kadonjan, ragané utawa hawa-napsuné tansah ngerèh djiwané. Malah ora mung ngerèh, ja nunggangi barang; djiwané diengkuk-engkuk, djiwané kalah. Sing menang ragané, marga

djiwané kurang kuwat. Mung wong sing adjiwa kuwat utawa wong sing gedé mutmainahé sing bisa meper hawa-napsuné. Ja djiwa kang asipat mangkono iku kang kena diisbataké „kodok ngemuli léngé”. Wong kang djiwané kaja mangkono, ing tembé bisa mati sampurna.

 2. Ngangsu apikulan warih.
 Tegesé wantah : ndjupuk banju mawa pikulan banju. Tegesé : ngalap banju, wis duwé banju. Maksudé : maguru ngèlmu gaib, wis mawa lambaran utawa lèmèk.
 Lambarané utawa dedasaré wong kang nedya maguru ngèlmu gaib, kajata : wis kulina ngengurangi, wis ora banget-banget olèhé mangéran marang kadonjan.

 3. Amét geni adedamar = ngangsu apikulan warih,

 4. Golèkana galihing kangkung = ngretia marang djiwamu (suksmamu, badan-alusmu). Sawisé ngreti, udinen murih djiwamu bisa kuwat, bisa ngalahaké hawa-napsumu.

Kangkung, pepindaning raga (djasmani). Galihé, pepindaning djiwané (Satemené kangkung iku tanpa galih).

  5. Apa isiné wuluh wungwang? Maksudé : apa kang ana ing sadjroné badan-wadhag? Wangsulané: badan-alus, suksma, djiwa utawa njawa.

  Wuluh wungwang = bumbung wungwang = bumbung kang bolong kiwa-tengen, iku pepindané ragané manungsa.

 6. Golèkana tapaké kuntol nglajang! Maksudé: ngudia murih ngreti marang keplasing njawa ! Wong mati iku njawané menjang ngendi, kudu ngreti.

Kuntul = pepindhaning njawa (suksma, djiwa).

  Isbat sinawung ing tembang, tuladhané :

Dandhanggula. (Petikan Kidung).
  1. Ana pandita akarja wangsit, minda kombang angadjap ing tawang, susuh angin ngendi nggoné, lawan galihing kangkung, wekasané langit-djaladri, isining wuluh wungwang, lan gigiring punglu, tapaké kuntul anglajang, manuk miber uluké ngungkuli langit, kusuma ndjrah ing tawang.