Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/106

Kaca iki wis divalidasi
109


  2. Ngambil banju apikulan waruh, amèt geni sarwi adedamar, kodok ngemuli elèngè, miwah kang banju dèn kum, mjang dahana murub kabasmi, bumi pinetak ingkang, pawana katijup, tanggal pisan kapuparman, jèn anenun sentèg pisan anigasi, kuda ngrap ing pandegan.
 3. Ana kaju amurwa sawidji, wit buwana epang kéblat papat, agodhog méga rumembé, apradapa kekuwung, kembang lintang salaga langit, semi ndaru lan kilat, woh surja lan tèngsu, asirat bun lawan udan, apeputjuk akasa bungkah pratiwi, ojodé baju-badjra.
BAB XVI. SULUK NGÈLMU GAIB. (*)
Suluk ngèlmu gaib, lumrahé sinawung ing Tembang Matjapat, isi piwulang babagan ngèlmu gaib {ngèlmu kabatinan, ngèlmu kasampurnaning pati).

  Tuladha :

I. Maskumambang. (Tasawuf Islam 25-7-38)
 

Batu-tukon lamun nrima masthi dadi
ing kamardikannja
nadyan wong mardika jekti
jèn loba dadi kawula.


Batur-tukon = budhak, maksudé: budhaking kadonjan, wong sing mangéran marang kadonjan.
Kamardikan, maksudé: kamardikaning djiwa (suksma), ora kerè ing kandonjan, ora mangéran marang kandonjan.
Kawula = batur, abdi. Maksudé: abdining kadonjan.

  Maknané:

  Wong kang kèrem marang kandonjan (mangéran, marang donjan}, menawa gelem ngendhalèni hawa-napsuné, mesthi banjur bisa asipat ora kerèh ing kadonjan, mandar bandjur bisa ngerèh. Kosok- baliné: wong sing djiwané wis mungkur ing kadonjan, manawa tuwuh angkara-murkané lan ora bisa meper, mesthi bandjur malik-grémbnjang kèrem marang kadonjan.
II. Midjil. (Tasawuf Islam 25-10-37)
  1. Sagung pangkat kang sira alami, ajra sira raos, jéku apan warana djatiné, marwa singkirna jwa sira pikir, terusa lumaris, njenjadhang pitulung.
  2. Samangsané sira sinung luwih, sing djanma kinaot, poma ajwa kesengsem dèn anggé, nadyan katon solan-salin warni, singkirana kaki, jwa nganti kalimput
Pangkat, maksudé : kanikmataning kadonjan.
Ajwa sira raos = adja banget2 korasakaké kanikmatané.
Warana = aling-aling, maksudé: kadonjan iku bisa ngaling-



(*) Tembung,, suluk" asalé saka tembung Arab ,,salaka".