Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/107

Kaca iki wis divalidasi

110


alingi (nutupi) laku kang tumudju marang kasampurnaning pati.

Ajwa sira pikir = maksudé pada karo ajwa sira raos.
Terusa lumaris = terusa tumindak ngener kasampuraning pati.
Njenjadang pitulung = nenuwun marang Pangéran bisaa tinarbuka atiné bandjur gumrégah nggilut ngélmu kasampuraning pati.
 Nadyan katon solan-salin warni = sandajan kadonjan iku éndah lan ora mboseni.
 Jwa nganti kelimput = adja nganti peteng djiwamu kang marga ketutupan ing kadonjan iku.


  III. Midjil. Pituturé Rama marang Wibisana).
    Damar kraton ajwa mati-mati
    sadegé kaprabon
    ajwa kandeg madangi djagadé
    mangka panariking réh sajekti.
    ing pati-pinanggih
    kautaméng Prabu.

Damar kraton (damaring pradja), maksudé : kang minangka pepadanging awak, jaiku ati lan pikiran. (Pikir itu pelita hati).
Sadegé kaprabon = salawasé madeg ratu, maksudé: salawasé urip.
Ajwa Kandeg madangi djagadé = kudu tansah ulah kabetjikan.
 Mangka panariking réh sajekti = minangka pambudidaja, minangka laku.
 Ing pati pinanggih kautaméng Prabu = manawa mati, njawané antuk kamuljan.
 Buku-buku Suluk, sing akéh-akéh djumedulé ing djaman Islam, tuladané: I Suluk Sukarsa, Karangane Sunan Bonang. II Suluk Wudjil, karangané, Sunan Bonang. III Suluk Malang-Sumirang, karangané Sunan Panggung.
 Ing ngisor iki petikané:


I. Suluk Sukarsa: Girisa
 1. Sastra gumelar ing djagas, kang atuduh pangawikan, kang wruh ing tuduh sampurna, tan ana ireng lan petak. Jén sira sampun waspada, lumampaha alon-alonan, kibirira lan sumungah, udjub-loba singgahana.