Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/109

Kaca iki wis divalidasi

112


  1. Kang wus tumeka ing rasa-djati, sembahjangé tan mawas nalika, lwir banju mili djatiné, tan ana djatinipun, munimona turu atangi, saosiking sarira, pudjiné lumintu, raina wengi tan pegat, pudji iku raina-wengi siréki, akéh dadi brahala.
  2. Pangrunguningsun duk raré tjilik, nora Selam déning asembahjang, tan Selam déning panganggé, tan Selam déning saum, nora Selam déning nastiti, tan Selam déning tapa, nora déning laku, tan Selam déning aksara, nora Selam jén anut aksara iki, tininggal nora esah.
  3. Selamé ika kadi pun-endi, kang ingaranan Selam punika, déning punapa Selamé, pan ing wong kapir iku, nora déning amangan bawi, nadyan asembahjanga, jén durung aweruh, ing sadjatiné wong Selam, midera ing likasan amontang-manting, djatiné kapir kawak.


  Pitakon :

  Kaprijé basané buku-buku Suluk iku? Kaprijé pedotané gatra-gatrané tembang ? Klebu apik apa ora?


BAB XVH. SULUK PADALANGAN. (*)
  1. Lelagon (langen-swara) kang kanggo ing pedalangan (kuwajangan) iku njrambahi sawarnaning tembang. Tembang gedé, tengahan, matjapat lan lelagon dolanan, kabéh kesrambah.' Nanging sing kerep déwé kesrambah jaiku‘lelagoning tembang kang diarani Suluk padalangan.
  2. Tjakepané suluk padalangan iku njilih tjakepané tembang

    gedé, tembang tengahan utawa matjapat, nanging lumrahé mawa owah-owahan sawatara (dielong utawa diwuwuhi).
    Tuladané:
    Tembang gedé Saljarini (7 + 7 + 7) x 2 x 2, sl. pt. 9.
    Endjing budal gumuruh, saking nagri Wirata, sakéhing balakoswa.
    Abra busananira, lir surja wedalira, saka ing djalanidi.
    Arsa madangi djagad, duk mungup2 anéng, anéng putjaking wukir.
    Marbabak bang sumirat, kenéng soroting surja, méga lan gunung2


    Dadiné tjakepan ing suluk padalangan, ndelenga tulada No. 6.
  3. Gunané suluk padalangan iku kanggo mbangun swasana, swasananing kaanan kang lagi ditjaritakaké.
    Sadjroné majang sawengi (djam 21.00 — djam 6.00), dalang mbangun swasana warna-warna, mulané suluké ija gonta-ganti. Swasana susah, gembira, lega, ketjuwan, sereng, kendo lan sapanunggalané, iku sidji-sidjiné ana suluké déwé.


__________

(*)Tembung „suluk” asalé saka tembung „cloka”, tegesé: puisi (tembang).