Kaca iki wis divalidasi
12
III. Wangsalan mawa pangeran tartamtu:
4 wanda + 8 wanda
- Kulik prija, dèn setya-tuhu witjara. Tuhu.
- Kapi djarwa, dakpeṭèk mangsa luputa. Keṭèk.
- Kawi banju, njata karangané Guru. Tirta.
- Tjarang wreksa, nora gampang ngarang Djawa. Epang.
- Bajem toja, langkung susah manah kula. Kangkung.
- Kukus gantung, daksawang sadjaké bingung. Sawang.
- Kembang ganjong, adja tjidra marang wong. Puspanjidra.
- Gajung sumur, ajwa kemba bandjur mundur. Timba.
- Balung djanur, mangka usadaning nganggur. Sada.
- Wohing tandjung, dèn betjik bekti mring bijung. Ketjik.
- Bajem arda, putri anteng tur djatmika. Lateng (klateng).
- Djarum djala, mara tjoba nggubah basa. Tjoban.
- Singa ranu, dèn setya mring ubajamu. Baja.
- Kambing wana, bektia mring kadang wreḍa. Kidang.
- Sekar putjang, sèwu begdja kemajangan. Majang.
- Tepi wastra, dèn tresna sapaḍa-paḍa. Kemaḍa.
- Tédja béngkok, jwa nganti keduwung' sira. Kluwung.
- Tédja pita, saja nglajung tjahjanira. Lajung.
- Sepat domba, jwa guramèh tan prasadja. Gramèh.
- Roning mlindjo, sampun kesel njuwun ngaso. Eso.
IV. Wangsalan mawa paugeran tartamtu
(4 wanda + 8 wanda) × 2.
- Tédja pita, kang tadji mawa ganḍéwa. (Lajung, panah). Saja nglajung, seḍih-kingkin manah kula.
- Sénté arga, putra Dèwi Wilutama. (Kadjar, Aswatama) Udjarira, anulad laku utama.
- Djarwa sirna, pring anom rinudjit miring. (Ilang, tutus). Nggegulanga, mrih putus kagunan Djawa.
- Antjur katja, wanara putraning Tara, (Banju-rasa, Anggada). Rasekena, mrih lebda empaning basa.
- Djaja kuda, menjaṅ séta mong ing tirta, (Anḍeman, tawas, baja).
Anḍemana, kanṭi awas ing bebaja.
V. Wangsulan èdi-pèni.
- Bajem arda, ardané ngrasuk busana. (Lateng, besus). Mari anteng, besusé saja katara.
- Kulik prija, prija Andjani putra. (Tuhu, Anoman). Tuhu éman, wong anom wedi kangélan.
- Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (Kemaḍa, iket).