Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/110

Kaca iki wis divalidasi

113


 Tuladané :

Swasana susah, disuluki nganggo Patet manjura djugag. (Ndelenga tulada No. 12)

  4. Suluk padalangan iku ana pepilahané. Ana sing diarani :

  1. Suluk djulag, jaiku suluk sing ditjekak.
  2. Ada-ada greget-saut, jaiku suluk sing sereng.
  3. Sendon, jaiku suluk sing rasané kendo, mengeng, tida-tida.
  4. Sendonan (sesendonan), jaiku tetembangan matjapat utawa lelagon dolanan (Dandanggula, Putjung, Gambangsuling, Witing-klapa lsp).

 Hla „patetan” iku apa?

 Tetabuhan mawa lelagon suluk, nanging tanpa ditembangi. Dadi sing keprungu mung swaraning gamelan, lan ora kabeh ceritjikaning gamelan ditabuh. Sing ditabuh mung gendér, rebab, gambang lan suling.
 Tembang sing kanggo ing suluk padalangan, akéh sing asale saka petikan buku abasa Djawa-kuna (Kawi). Emané, unén-unéné suluk kang abasa Djawa-kuna akeh sing mlésed saka asliné, ora tjotjog karo tjakepan kang kasebut ing buku kang dipetik. Saking mlésédé, unén-unén ing petikan iku bandjur dadi basa bubrah kang tanpa teges.

 Tuladané:

 I. Suluk Suluk patet manjura-djugag kang uniné mangkéné:

     Djahning jahning talaga Kadi langit

     kembang tapas-wulan upamanika (0 ..)

     lintang tulja kusuma ja sumawur (0 ..).

     .................................

 Uniné sing asli kasebut ing buku Ramayana katja 177, tembang Bramarawilasita pada kaping 31, mangkéne:


     Jahni yâhning talaga kadi langit

     mambang tang pâs wulan upamanika

     wintang tulya ng kusuma ya sumawur

     lumrâpwekang kadi jalada.


Katrangan:

  j = dj y = j ― = tanda dawa swarané.

  Jahni = banju. Yâhning = ja bening. Mambang = kumambang. Pâs = bulus. Jalada = méga.

  Asliné muni: mambang tang pâs wulan upamanikâ (larikan kapindo), tegesé : bulusé kumambang, (wanguné ) kaja rembulan (jaiku bunder). Mambang tang pâs = bulusé kumambang.

Hlo ! Tembung „Mambang tang pâs” hla kok bandjur dadi „kembang tapas”. Apae ora ‘njata mbubrahaké basa?!