Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/119

Kaca iki wis divalidasi

122

Basa kang kanggo ana ing Padalangan iku kalebu basa rinengga, basa patjakan utawa basa bregasan. Basa kang kanggo djanturan, antawatjanané sidji-sidjiné wajang, tjakepané Suluk, kabèh kalebu ing basa rinengga.

BAB XVIII. DJAPA, MANTRA, DONGA LSP.
  1. Djapa, mantra, donga, sidikara, adji-adji iku tegesé mèh paḍa baé, jaiku unèn-unèn sing (dianggep) nduwèni daja-kekuwatan gaib. Unèn-unèné djapa, mantra, donga, sidikara lan adji-adji lumrahé diarani rapal (tembung Arab). Ndjapani, mantrani, ndongani, njidikara lan matek-adji iku ateges: ngutjapaké rapal kang (dianggep) nduwèni daja-kekuwatan gaib. Manawa tjarané ngutjapaké rapal iku kanṭi njwara djenengé ngemèlaké rapal; wondéné jèn mung sarana dibatin baé arané matek rapal.
  2. Djapa, mantra, donga, sidikara, adji-adji iku dimèlaké utawa diwatek rapalé (déning wong sing darbé sedya apa-apa) tumudju marang Pangéran, marang ḍiri pribadi, marang wong lija, marang lelembut utawa marang barang. Manawa rapal iku ditudjokaké :
    1. Marang Pangéran, lumrahé kanṭi maksud nenuwun murih kesembadaning sedya.
    2. Marang ḍiri-pribadi, kanṭi maksud supaja awaké ḍéwé kasinungan daja-kekuwatan gaib kang ndjalari digdaja, bisa njekel mungsuh lan sapanunggalané.
    3. Marang wong lija utawa barang, kanti maksud:
      I. Nglebokaké daja-kekuwatan gaib marang anggané wong utawa barang iku.
      II. Ngilangaké (nulak) daja-kekuwatan gaib kang dinarbé wong (barang) iku, supaja wong (barang) iku ora mbebajani marang wong sing ngemèlaké (matek) rapal.
    4. Marang lelembut, kanṭi maksud:
      I. Nekakaké lelembut kang arep didjaluki pitulungan.
      II. Nglungakaké (nulak) lelembut kang ganggu-gawé.
  3. Radjah. Rapaling djapa, mantra, donga lan sapanunggalané kang tinulis ana ing kretas utawa barang tipis, utawa kawangun gambar, arané radjah. Dadi, radjah iku kretas utawa barang tipis sing isi djapa, mantra, donga lan sapanunggalané awudjud tulisan utawa gambar.