Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/123

Kaca iki wis divalidasi
126
3. Idepingsun keketjang-bang reruwitan, alisku sarpa mandi, kiwa-tengen pisan, tjupakku surja kembar, kedépku pankilat-țațit, kang munggwing sirah, wesi kekentén adi.
4. Rambut kawat sinomku pamor anglajap, batuk séla-tjen-dani, kupingku salaka, pilinganingsun gangsa, irungku wesi kang adji, pasuku kléwang, pipiku wesi kuning.
5. Watu item lungguhé ing djanggutingwang, untuku ra-djeg-wesi, lidah wesi abang,aran wesi mangangkang, iduku tawa sakalir, lambéku ija, séla matangkep kalih.
6. Guluningsun paron wesi galigiran, djadja wesi sadatjin, pundak wesi akas, walikat wesi ambal, salangku wesi ngalungid, bauku denda, sikutku pukul wesi.
7. Asta tjriga épék-épékingsun tjakra, tjakarwok -djempol kalih, panuduh trisula; panunggulku musala, memanisku supit-wesi, djentikku ija ingaran Pasupati.
8. Bebokongku séla ageng kumalasa, akawet wesi gilig, ebolingsun karah, luput' denda kang tindja, balubukan entut mami, ujuhku wédang, dakarku purasani.
VIII. Mantra kanggo ngedohaké ula.
Ingsun angésti marang Resi Astika kang misuwur ing djagad, putrané Maharsi Djaratkaru, kang midjil saka Dewi Djaratkaru. Ija Resi Astika kang wus ngentas para sarpa saka bebaja geni sesadji Naga. Mula sira sarpa kang wus antuk kabegdjan gedé, adja nangsaja marang ingsun, pada sumingkira sarta nemua basuki. Sarpa kang mandi adja pada njedaki marang ingsun, ngélingana marang pangandikané Resi Astika kang kadawuhaké nalika sabubaring sesadji Naga Prabu Djanamedjaja.
IX. Adji-adji kang kasebut ing kuwajangan
1. Kawrastawan: ngreti kang ginaib, kang sinamar, nang, Tunggal, Manikmaja, Abijasa}}
2. Kemajan: bisa ngilang, mantjala warna, (Manikmaja, Narada, Antaboga, Ardjuna, Wisnu, Kresna, Anoman, Kalamaritja)
3. Pangabaran: bisa nekakaké udan, angin, geni, lsp., kanggo njapu mungsuh. (Brama-geni, Indra-bledég, Baju-angin, Wisnu-banju, Sambo-méga, Manikmaja-warna-warna).
4. Mundri: kanggo nggendjot mungsuh, nimblis mungsuh (Anoman).