Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/124

Kaca iki wis divalidasi
127
5. Pameling: kanggo ngundang saka papan adoh Kresna, Anoman, Wibisana).
6 Sepi-angin: bisa mlaku rikat tanpa tumapak lemah (Wrekudara, Anoman, Djanaka).
7. Pamepesan: kanggo ngringkus mungsuh nganti pepes (Gandamana, Wrekudara ).
8. Bandung-bandawasa: rosa banget (Gandamana, Wrekudara).
9. Lebursekti: kanggo ngremet mungsuh (Drestarata).
10. Gineng: kanggo nggetak mungsuh supaja kabur (Kasipu, Ardjuna).
11. Panitisan: kanggo nitis mandjanma urip manéh (Wisnu

marang titisé).

12. Pranawadjati: ndjalari ora bisa lali (Nakula).
13. Pramanadjati: ngreti kabéh kadadéan. (Sadéwa).
14. Narantaka: sing diantem remuk (Séta, Gatutkatja).
15. Lindupanon: sing ketaman dadi mumet lan bingung (Pandu).
16. Tjandabirawa: nekakaké sétan utawa wadya-bala akeh (Salja).
17. Pangasihan: ndjalari asih-luluting wong (Durna)
18. Pantjasona: jén mati urip manéh. (Subali, Dasamuka, Bomanarakasura).
19. Gedongmenga: bisa mangan lan ngombé akéh banget Kumbakarna).
20. Petak gelapsakeți: jén petak, mungsuh rubuhkabarubuh (Kumbakarna)
X. Adji-adji (kaluwihan) lija-lijané.
1. Mukdjidjating Nabi = bisa nggawé barang nganti malih warna awujdud apa-apa.
2. Irjasing Nabi = pisa marasaké wong lara mung sarana pangandika.
3. Kramating Wali = bisa maringi pangéstu marang wong nganti dadi wong linuwih.
4. Sabdaning pendita = bisa njabdakaké wong dadi tugu, dadi waraha (tjéléng) lsp.
5. Manguhaning Mukmin = bisa nekakaké apa-apa tanpa didjupuk.
6. Istidjrating kapir
7. Ijahaning wong duraka.
8. Sikiré wong ora ngéndahaké agama

{nomor 6, 7, 8 :Bisa nggawé (nekakaké) pangéram-éram, kajata: kaliasat dipandeng, bandjur bandjir, lsp.}